![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/0/0a/Noch-maerklin_hg.jpg/640px-Noch-maerklin_hg.jpg&w=640&q=50)
Sepur modèl
From Wikipedia, the free encyclopedia
Sepur modèl utawa kréta latu modèl (krama) utawa sepur miniatur iku modèl sepur ing skala modèl cilik. Sepur modèl iku sajinising hobi kang yasa modèl-modèl sepur. Skala modèl iki ngamot lokomotif, wagon, trèm, ril, sinyal, dalan, gedhong, wahana liyané, figur-figur modèl, cahya lan diorama fitur-fitur alami kaya ta kali, wukir lan lebak.
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/0/0a/Noch-maerklin_hg.jpg/640px-Noch-maerklin_hg.jpg)
Sepur modèl kang awal dhéwé diarani 'sepur karpèt' (basa Inggris carpet railways) lan muncul ing dasawarsa 1840-an. Sepur modèl iki diarani mangkono amarga ora mrelokaké ril kanggo ngglindhing. Sepur modèl mawa tenaga listrik wiwit muncul ing awal abad kaping 20. Nalika iku sepur-sepur modèl iki namung mèmper kanthi kasar waé karo asliné. Sepur modèl jaman saiki rupané luwih réalistis. Para sutresna sepur modèl racaké ora namung kolèksi modèl-modèl sepur waé, nanging uga nggawé layout sepur-sepuran utawa diorama kang niru lokasi utawa periode sajeroning sajarah pasepuran.
Ing Jerman ana organisasi modèl pasepuran kang nduwé jeneng NEM. Organisasi iki kang nemtokaké pamérangan jaman ing pasepuran ing taun 1968.