From Wikipedia, the free encyclopedia
Shabele Ngisor (Basa Somali: Shabeellaha Hoose) iku siji laladan administratif (gobolka) ing Somalia Kidul. Nganti taun 1984, nalika laladan iku diwangun manèh, tlatah iki péranganing laladan Benadir lan kutha krajané ya iku Mogadishu, nanging saiki kutha krajané Marka.
Shabeellaha Hoose wewatesan karo laladan Banaadir, Shabeellaha Dhexe, Hiiraan, Bay, Middle Juba lan Samodra Hindia. Sawisé Mogadishu, tlatah iki minangka tlatah kang paling padhet kang ndunungi Somalia.
Tlatah iki dijenengaké saka jeneng Kali Shebelle, kang mili liwat ing kana.
Sacara linguistik, tlatah iki minangka tlatah kang paling manéka warna dhialèk basa Somaliné. Mayoritas kang ndunungi wicara nganggo dhialèk May-May versi Digil saka tlatah Dhoobey. Uga dianggo ing tlatah iki dhialèk Af Jido, Af Garre, Af Tuni, Af Reer Marka lan Af Reer Barawe, uga dhialèk standard Maha Tiri Somali lan May-May saka Mirifle.
Klan Rahanweyn (Digil & Mirifle)
Klan Hawiye
Klan Dir
Klan liyané
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.