Sigmund Freud
From Wikipedia, the free encyclopedia
Sigmund Freud (Wina, 6 Mèi 1856 - 23 September 1939) punika ahli neurolog Ostenrik lan pandhiri aliran psikoanalisis ing psikologi. Gerakan punika ingkang ndamel populer téyori manawi motif boten sadar nyetir sapérangan ageng tingkah laku. Piyambakipun ugi remen hipnotis kaliyan panrapanipun kanggé mbiyantu tiyang sakit mental. Piyambakipun ugi misuwur déning asosiasi bébas kaliyan analisa mimpi ingkang dados "obat mawi wicara". Prakawis-prakawis punika dados unsur inti psikoanalisa. Freud ugi remen kondhisi ingkang riyin sinebat histeria kaliyan sapunika dipunwastani sindhrom konversi.
Sunyata Rikat Sigismund Schlomo Freud, Lair ...
Sigismund Schlomo Freud | |
---|---|
Lair | (1856-05-06)6 Mèi 1856 Freiberg, Moravia, Ostenrik–Hungary, now the Czech Republic |
Pati | 23 Sèptèmber 1939(1939-09-23) (umur 83) London, England, U.K. |
Padunungan | Ostenrik, U.K. |
Kabangsan | Ostenrikn |
Etnis | Ashkenazi Jew |
Babagan | Neurology Filosofi Psikiatri Psikologi Psikoterapi Psikoanalisis Literatur |
Institusi | University of Vienna |
Alma mater | University of Vienna |
Misuwur amarga | Psikoanalisis |
Pengaruh | Jean-Martin Charcot Josef Breuer |
Kapangaruhan | John Bowlby Viktor Frankl Anna Freud Ernest Jones Carl Jung Melanie Klein Jacques Lacan Fritz Perls Otto Rank Wilhelm Reich |
Notable awards | Goethe Prize |
Agama | Atheis |
Tutup
Freud uga misuwur déning kompleks Oedipusipun. Punika prakawis manawi tiyang punika katarik déning tiyang ingkang mèmper tiyang sepuhipun.