Tèknologi informasi
From Wikipedia, the free encyclopedia
Tèknologi informasi iku panggunaan komputer èlèktronika lan piranti alus komputer kanggo ngowahi, nyimpen, ngamanaké, mrosès, mancaraké lan ngamanaké lan nampa data utawa informasi. Miturut Asosiasi Teknologi Informasi AS, tèknologi informasi dijlèntrèhaké minangka: pasinaon, disain, pangembangan, implemèntasi, panyengkuyung utawa manajemen sistem informasi mawa dhasar komputer, mligi aplikasi piranti alus, lan piranti kasar komputer."[1] TI manunggalaké komputasi lan komunikasi mawa kacepetan dhuwur kanggo data, swara, lan vidéo. Conto saka Tèknologi Informasi dudu mung wujud komputer pribadi, nanging uga télpon, TV, piranti rumah tangga èlèktronik, lan piranti gegem modhèren (upamané ponsèl).[2]
Pangolahan, panyimpenan lan panyebaran vokal, informasi mawa gambar, tèks lan numerik déning mikroèlèktronika mawa basis kombinasi komputasi lan télékomunikasi.[3] Istilah sajeroning pangertèn modhèren sepisanan muncul sajeroning sawijining artikel taun 1958 sing diterbitaké sajeroning Harvard Business Review, ing ngendi panulis Leavitt lan Whisler komentar yèn "teknologi anyar durung duwé jeneng tunggal sing diyasa. Awaké dhéwé bakal nyebut iku mau tèknologi informasi (TI)."[4] Sapérangan babagan modhèren lan muncul tèknologi informasi iku génerasi sabanjuré tèknologi wèb, bioinformatika, ''Could Computing'', sistem informasi global, skala gedhé basis pangetauan lan liya-liyané.