kapracayan marang ananing dumara From Wikipedia, the free encyclopedia
Téisme ing babagan agama komparatif ya iku kapercayan tumrap ananing dumara.[1] Ing basa populèr, tembung téisme lumrahé mangku teges kantha klasik ngenani bathara utawa gusti pangéran ing agama-agama monotéis lan politéis.
Tembung téisme tumurun saka tembung Yunani theos kang artiné "bathara". Tembung téisme kapisanan dianggo déning Ralph Cudworth (1617–1688).[2] Dhéfinisiné Cudworth mratélakaké, kang "ingaran para Téis ya iku kang percaya yèn ana dat kang sampurna saka alam kalanggengan kang nglantari ananing dumadi".[3]
Éwadéné, atéisme iku racaké dingertèni minangka tampikan tumrap téisme saumumé, kaya ta nampik kapercayan tumrap bathara utawa déwa.[4] Paham kang nganggep yèn ana-orané bathara utawa déwa iku ora dingertèni utawa ora bisa dingertèni ingaran agnostisisme.[5][6]
Monotéisme (digugu saka basa Yunani μόνος) ya iku kapercayan ing téologi kang percaya ananing kapitunggaling déwa.[7] Ing agama monotéistis jaman modéren kaya ta Kristen, Agama Yahudi, Islam, Baha'i Faith, Sikhisme, Zoroastrianism, Eckankar lan wernaning agama Hindhu.
Polytéisme iku kapercayan ananing déwa kang punjul siji.[8] Praktèké; lumrahé kalebu kapercayan ananing pantéon kusus ing para déwa kang bédha-bédha.
Autotéisme iku pandhangan, katuhanan iku èksternal apa ora, iku gumantung 'dhiri' lan dhiri iku nduwéni kwasa kanggo nggayuh katuhanan. Iki bisa dadi sepi ing pamrih, nuruting pangertening ciri tetélan ing étis, filosofis, lan pamimpining agama (kaya ta Yésus Kristus[11][12] lan Mahavira[citation needed]).
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.