Tlaga Victoria utawa Victoria Nyanza (uga dikenal minangka Ukerewe) iku salah siji Tlaga Gedhé ing Afrika.

Kaca iki ngenani tlaga ing Afrika. Kanggo tlaga ing Australia, pirsani Tlaga Victoria (New South Wales).
Thumb
Tlaga Victoria, dideleng saka ngangkasa

Tlaga Victoria wiyaré 68.870 kilomèter persegi, njalari sinebut tlaga gedhé dhéwé ing bawana Afrika, tlaga tropis gedhé dhéwé ing donya, lan tlaga banyu tawar angka loro gedhé dhéwé ing donya kanthi wiyar lumah. Amarga cethèk, tlaga iki kalebu ing urutan angka 7 tlaga banyu tawar mawa volume, isiné 2.760 kilomèter kubik banyu. Tlaga iki wujud sumber saka cawang paling dawa Kali Nil, Nil Putih. Tlaga iki ana ing dhataran dhuwur ing pérangan kulon Great Rift Valley Afrika lan diatur déning Tanzania, Uganda, lan Kenya.

Ana punjul 3.000 pulo ing Tlaga Victoria, akèh-akèhé ora ana sing ndunungi. Iki kalebu Kapuloan Ssese ing Uganda, sawijining golongan gedhé pulo-pulo ing kulon-lor tlaga mau lan dadi sawijining tujon pariwisata populèr.

Pirsanana uga

  • Tlaga Gedhé
  • Tlaga-tlaga Rift Valley

Pranala njaba

Wikipedia
Wikipedia
Artikel punika, artikel dhasar ingkang kedah dipundarbèni sadaya basa.


Wikiwand in your browser!

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.

Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.