Tuma kathok
From Wikipedia, the free encyclopedia
Tuma kathok (Pediculus humanus humanus) isih nunggal spésies karo seduluré, tuma sirah (Pediculus humanus capitis). Nanging, kéwan iki amung manggon ana ing sandhangan, ora ana ing rambut lan pindhah ana ing kulit nalika nyesep getih. Bédané uga, tuma kathok ngendhog ana ing sandhangan. Kéwan iki kalebu gegremet kang ora duwé suwiwi. Kéwan iki tinemu ing saindhenging donya, dadi parasit tumrapé manungsa tanpa ndeleng ras.
Sunyata Rikat Klasifikasi ngèlmiah, Trinomial name ...
Tuma kathok | |
---|---|
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Arthropoda |
Klas: | Insecta |
Ordho: | Phthiraptera |
Subordho: | Anoplura |
Famili: | Pediculidae |
Génus: | Pediculus |
Spésies: | P. humanus |
Subspésies: | P. h. humanus |
Trinomial name | |
Pediculus humanus humanus Linnaeus, 1758 |
Tutup
Tuma kathok lumrahé tinemu ing awaké wong kang uripé ora resikan, utawa pancèn amarga kaanan umpamané kéré, pengungsi, kurban perang utawa bencana.