From Wikipedia, the free encyclopedia
Artacihna (Carakan: ꦲꦂꦠꦕꦶꦃꦤ, Pégon: ارتاچيهنا), uga diarani valuta iku piranti pambayaran transaksi ékonomi kang dipigunakaké ing siji nagara. Kanggo Indonésia, artacihnané rupiah.
Ing jaman biyèn, manungsa primitif durung migunakaké dhuwit, utawa piranti silih ganti. Iki amarga ing wektu iku manungsa bisa nyukupi kabèh pepénginané saka alam sakiteré. Nalika sumber daya alam sing dipigunakaké entèk, banjur padha pindhah lan wiwit migunakaké sumber daya alam sing ana ing sakiteré manèh. Nalika muncul kabudayan kuna, manungsa wiwit ngijolaké barangé karo barangé wong liya, sing ingaran barter. Banjur sawisé jaman luwih maju, manungsa wiwit migunakaké piranti silih ganti, sanajan durung wujud dhuwit. Piranti iki ingaran dhuwit barang. Sawisé manungsa nguwasani panggunaan tulisan lan huruf, banjur misuwur dhuwit utawa ingaran dhuwit kapitayan (uang fiduciair).
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.