Wolfgang Amadeus Mozart
From Wikipedia, the free encyclopedia
Wolfgang Amadeus Mozart (Salzburg, 27 Januari 1756–Wina, 5 Dhésèmber 1791), punika satunggiling komposer musik saking Ostenrik. Piyambakipun saged kaangep juru musik ingkang jénius. Saking wiwit alit sampun saged manggubah musik klasik. Karyanipun kathah sanget (kirang langkung 700 lagu).
Karya-karyanipun antawis sanès: Pawiwahan Figaro (Le nozze di Figaro) (1786), Don Giovanni (1787), kaliyan Sruling Ajaib (Die Zauberflöte) (1791). Karyanipun ingkang pungkasan, Requiem, dèrèng bibar awit sampun tilar donya. Lajeng karya punika dipunbibaraken déning Franz Xaver Süssmayr.