Wong Mengkasar
salah siji suku saka Indonesia / From Wikipedia, the free encyclopedia
Wong Mengkasar inggih punika satunggaling klompk ètnis ingkang dumunung ing pasisir kidul pulo Sulawesi. Ing Mengkasar nyebutipun "Mangkāsar(ak) ᨆᨀᨔᨑ" ateges "Tiyang-tiyang ingkang sipatipun kabikak".[1]
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/jv/thumb/5/5b/Suku_Makassar.jpg/220px-Suku_Makassar.jpg)
Étnis Mengkasar punika minangka étnis ingkang jiwanipun penakluk nanging dhémokratis ing maréntah, remen perang lan jaya ing laut. Boten kagét nalika ing abad kaping 14-17, kanthi simbol Karajan Gowa, tiyang Mengkasar sukses mbentuk siji wewengkon krajan ingkang jembar kanthi kekiyatan armada laut ingkang ageng kasil wujud siji Imperium kanti napas Islam, wiwit saking sadaya wewengkon ing pulo Sulawesi, Kalimantan pérangan wétan, NTT, NTB, Maluku, Brunei, Papua lan Australia pérangan lèr. Tiyang-tiyagipun njalin Traktat kaliyan Bali, kerjasama kaliyan MAlaka lan Banten ugi sadaya karajan sanèsipun ingkang wonten ing ing Nuswantara punapa déné Internasional (mliginipun Portugis). Karajan punika ugi ngadhepi perang ingkang ageng kaliyan Walanda ngantos dumugi crahipun amargi adu dombanipun Walanda kaliyan krajan taklukanipun.