suku bangsa ing Myanmar From Wikipedia, the free encyclopedia
Wong Rohingya iku wong Indho-Arya Muslim saka Praja Rakhine, Myanmar.[18][19] Miturut wong Rohingya dhéwé lan sawenèh winasis, wong Rohingya iku pribumi Praja Rakhine. Éwadéné, ana ahli sajarah kang mratélakaké manawa wong Rohingya iku saka Banggala kang neneka ing Myanmar ing telung mangsa: (1) nalika jamané pamaréntahan Britis ing Burma,[20][21][22] (2) nalika Burma mardika ing taun 1948, sarta (3) nalika Perang Pambébasing Banggaladésa ing taun 1971.[23][24][25][4][26] Organisasi hak asasi manungsa lan médhia internasional asring mratélakaké yèn wong Rohingya iku golongan minoritas kang paling disiya-siya ing saindenging donya.[27][28] Sanajan mangkono, pratélan mangkono durung kaweruhan asalé apa saka Pasarékatan Bangsa-Bangsa apa dudu.[29]
Ruáingga | |
---|---|
Gunggung cacah jiwa | |
(1.547.778[1]–2.000.000+[2]) | |
Tlatah mawa cacah jiwa akèh | |
Myanmar (Praja Rakhine), Banggaladésa, Malaysia, Népal, Pakistan, Arab Saudi, Thailand, Indonésia, India | |
Myanmar | 1,3 yuta[3][4][5] |
Arab Saudi | 400.000[6] |
Banggaladésa | 300.000–500.000[7][8][9] |
Pakistan | 200.000[10][11][12] |
Thailand | 100.000[13] |
Malaysia | 40.070[14] |
Indonésia | 11.941[15] |
Népal | 200[16] |
India | 36.000[17] |
Basa | |
Rohingya | |
Agama | |
Islam |
Wong Muslim wis dumunung ing Praja Rakhine (uga ingaran Arakan) kawit abad ping 16. Sadurungé wong Britis kuwasa, cacahé wong Muslim kang ndunungi wewengkon iku ora dingertèni persisé.[30] Sabubaré Perang Britis-Burma I ing taun 1826, wong Britis nyaplok wewengkon Arakan lan nggiyataké migrasi saka Banggala karebèn kang migrasi mau padha dadi buruh tani. Wong Muslim mau cacahé 5% saka gunggung warga Arakan rikala taun 1869, sanajan ing taun-taun sadurungé angkané luwih gedhé. Cacah sirah (sènsus) kang diadani wong Britis nalika taun 1872 lan 1911 nyathet undhak-undhakan kèhé wong Muslim saka wong 58.255 dadi wong 178.647 ing Dhistrik Akyab. Sasuwéné Perang Donya II, rajapati masal kelakon rikala taun 1942 ing Arakan amarga pecahing perang antaraning golongan Wadya V kang dumadi saka wong-wong Rohingya disenjatani péhak Britis lan golongan Buda Rakhine. Jalaran iku, wewengkon kono dadi kakothak-kothak miturut golongan ètnis.[31]
Ing taun 1982, pamaréntahan Jéndral Ne Win ngukuhaké pranatan bab warga nagara Burma. Pranatan iki ora ngakoni wong Rohingya minangka warga nagara. Kawit taun 1990-an, istilah "Rohingya" mundhak panganggoné sajeroning bebrayan Rohingya.[21][26]
Nalika taun 2013, ana udakara 1,3 yuta wong Rohingya kang urip ing Myanmar.[3] Wong Rohingya mligi dumunung ing iring lor kutha-kutha madya Rakhine lan cacah jiwané ngancik 80–98% gunggungé populasi kono.[26] Akèh wong Rohingya oncat menyang kampung-kampung reged lan kémah-kémah pangungsèn ing nagara Banggaladésa[32] lan laladan wates nagara Thailand. Wong Rohingya ing Myanmar ana cacah 100.000 punjul kang urip ing kémah-kémah pangungsèn, nanging ora diidinaké nglungani nagara déning pamaréntah saenggon.[33][34] Wong Rohingya olèh kawigatèn internasional amarga kadadéan haruhara ing Praja Rakhine ing taun 2012 sarta amarga krisis wong ngungsi ing taun 2015 nalika wong Rohingya marsudi migrasi menyang nagara-nagara ing Asiah Kidul-wétan.
Wong Rohingya ngarani golongané dhéwé Ruáingga /ɾuájŋɡa/. Ing basa-basa gedhé wewengkon kono, wong Rohingya diarani rui hang gya ing cara Burma: ရိုဟင်ဂျာ /ɹòhɪ̀ɴd͡ʑà/ lan Rohingga ing cara Banggala: রোহিঙ্গা /ɹohiŋɡa/.
Jacques P. Leider mratélakaké manawa ing sumber-sumber prakolonial, istilah Rohingya katulis Rooinga lan mung muncul pisan sajeroning tulisané Francis Buchanan-Hamilton.[35] Sajeroning artikelé taun 1799 "A Comparative Vocabulary of Some of the Languages Spoken in the Burma Empire" (cara Jawa: Vokabulèr Bandhingan Sawenèh Basa Caturan ing Kamaharajan Burma), Hamilton nulis, "saiki aku kudu nambahaké telung dhialèk kang digunemaké ing Kamaharajan Burma, tur katoné tumurun saka basané bangsa Indhu. Sing kapisan ya iku dicaturaké déning wongé Mokamad, kang wis kawit suwé dumunung ing Arakan, lan kang ngarani golongané dhéwé Rooinga, utawa pribumi Arakan."[36] Tembung Rohingya mangku teges "kang ndunungi Rohang". Rohang iku jeneng lawasé Arakan kang diwènèhi wong Muslim.[37][38]
Sabubaré kadadéan haruhara 2012, para akadhemisi nganggo istilah Rohingya kanggo ngarani bebrayan Muslim ing iring lor wewengkon Rakhine. Profésor Andrew Selth saka Universitas Griffith contoné, nganggo tembung "Rohingya" nanging mratélakaké yèn "golongan wong iki mono wong Muslim Banggala kang dumunung ing Praja Arakan... wong Rohingya akèh-akèhé padha teka bareng kolonialis Britis rikala abad ping 19 lan 20."[20][22] Ing antarané bebrayan agung Rohingya ing njaban rangkah, aran iku dadi sangsaya kondhang kawit taun 1990-an. Sanajan mangkono, wong-wong Muslim ing iring lor wewengkon Rakhine ora kalumrah ngrungu aran iku lan milih nganggo aran-aran liyané.[21][35]
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.