Zeami

From Wikipedia, the free encyclopedia

Zeami

Zeami Motokiyo (世阿弥 元清) ugi dipunsebat Kanze Motokiyo (観世 元清、1363 - 1443) punika aktor lan dramawan Jepang. Panjenenganipun nyerat punapa ingkang kedah dipunlampahi aktor Noh, lan ndamel pacakan teater Noh minangka wangun seni. Noh wujud jinis drama musik Jepang. Buku-buku Zeami boten namung nelakaken pripun aktor mainaken peranipun, nanging ugi nyerat prakawis sajarah lan filsafat, dhedhasar budaya spiritual Jepang.

Zeami Montokiyo
Pertunjukan Noh ing Itsukushima Jinja (Itsukushima Shrine), Hiroshima Prefecture, Jepang

Bapanipun Zeami, Kan'ami (観阿弥), ugi aktor lan dramawan. Kan'ami gadhah teater piyambak lan keliling kaliyan anggotanipun. Panjenenganipun mulang kaprigelanipun marang Zeami. Bapa lan putra puniki wujud tiyang wigati ing teater Noh, lan ndamel Noh kados sapunika.

Nalika upados Kan'ami ngawontenaken pertunjukan kanggé Shogun Jepang, Ashikaga Yoshimitsu, sang Shogun nawani Zeami pendidikan lapangan. Zeami puniya priyantun bagus kanthi swantun saé, lan Yoshimitsu remen marang pasuryan lan bakatipun. sasampunipun nggantosaken bapanipun, lan dados pamimpin teater, Zeami teras nedahaken lan ngadhaptasi gayanipun dados Noh kados sapuniki. Campuran tèknik pantomim lan swantun, sampun narik Jepang laminipun atusan taun.

Wikipedia
Wikipedia
Artikel punika, artikel dhasar ingkang kedah dipundarbèni sadaya basa.


Wikiwand in your browser!

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.

Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.