Zinédine Zidane
From Wikipedia, the free encyclopedia
Zinédine Zidane inggih punika salah satunggalipun juru main bal-balan saking Prancis.[2] Zinédine Zidane lair tanggal 23 Juni 1972 ing Prancis.[2][3] Zidane gadhah nama sanès Zizou.[4] Tiyang sepuhipun Zinédine Zidane asalipun saking Aljazair.[2] Nalikanipun taksih alit, Zidane kirang remen sekolah, piyambakipun langkung remen main bal-balan.[2] Ing yuswa 16 taun, salah satunggalipun tiyang ingkang namanipun Jean Varraud ngrekrut Zidane dhateng Cannes.[2] Setunggal taun salajengipun, Zidane main ing tim senior klub divisi satunggal Prancis, inggih ing klub Bordeaux ing taun 1992.[2] Wonten ing klub punika, Zidane main ngantos dumugi final piala UEFA taun 1995-1996.[2] Amargi prestasinipun punika saged damel klub Juventus remen lan kepéngin nyéwa jasanipun Zidane.[2] Zidane lajeng pindhah dhateng klub Juventus, salah satunggalipun klub divisi satunggal ing nagari Italia.[2] Ing klub Juventus, Zidane saged ngrebut Piala UEFA, Piala Super Éropah, lan piala Interkontinental.[2] Zidane ugi saged menangaken Juventus ing Serie A Liga Calcio Italia ing taun 1997 lan 1998. Sanèsipun punika, ing taun 1997 lan 1998 Juventus ugi saged mlebet final Liga Champions.[2] Wonten ing kompetisi internasional, Zidane dados kembang lambé sasampunipun saged mbekta tim Prancis ngrebut gelar Piala Donya 1998 lan Euro ing taun 2000.[2] Zidane sampun pikantuk pinten-pinten penghargaan, piyambakipun naté pikantuk juru main ingkang saé piyambak sadonya ing taun 1998, 2000, lan 2003.[2]
Zidane minangka juru latih Real Madrid Taun 2017 | |||
Katerangan priangga | |||
---|---|---|---|
Jeneng dawa | Zinedine Yazid Zidane | ||
Dhuwur | 1,85 mèter | ||
Posisi main | Glandhang | ||
Karir nom | |||
1982–1983 | US Saint-Henri | ||
1983–1986 | SO Septèmes-les-Vallons | ||
1986–1988 | Cannes | ||
Karir sénior* | |||
Taun | Tim | Main | (Gul) |
1988–1992 | Cannes | 61 | (6) |
1992–1996 | Bordeaux | 139 | (28) |
1996–2001 | Juventus | 151 | (24) |
2001–2006 | Real Madrid | 155 | (37) |
Gunggung | 506 | (95) | |
Tim nasional | |||
1991–1994 | France U-21[1] | 18 | (3) |
1994–2006 | Prancis | 108 | (31) |
Tim dikemunah | |||
2013-2015 | Reeal Madrid Castilla | ||
2015-2018 | Reeal Madrid | ||
2019-saiki | Reeal Madrid | ||
* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi. |