Abdul Karim Qasim
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
'Abdul Karīm Qāsim (Baghdad, 1914 - idem 9 Fèbruari 1963) ya iku wong kang dadi pulitisi lan tokoh militèr Irak. Abdul njabat dadi nayakotama nagara iku (1958 -1963). Jenengé kerep ditransliterasi saka abjad Arab: Abdulkarim Kasem, Abdel-Karim Qaasim, Abdul Karim Qasem.

Remove ads
Biografi
Sekolah ana ing nagara iku lan Akademi Militer Sandhurst, Britania Raya. Mèlu ana ing Perang Arab-Israèl 1948, ing misi kang pungkasan, Abdul mimpin batalion ing Brigade Pisanan kang dipanggonaké ing laladan Kafr Qasim, kidul Qalqiliyah. Pimpinan revolusi kang nggulingake monarki (1958), Abdul banjur diangkata dadi Nayakotama Irak lan Mantri Pertahanan. Ana ing mangsa kapimimpinane anggota suku Kurdi kang ngraman ana ing taun 1943 nganti tekan 1945 diwènèhi amnesti. Kang disayangake ya iku isu otonomi Kurdi ora dipenuhi, ngumbarake kuciwa lan pungkasane dadi pemberontakan orang wong Kurdi ana ing taun 1961.
Remove ads
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads