Alfabèt fonètis NATO
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Alfabèt fonètis NATO, kanthi aran resmi International Radiotelephony Spelling Alphabet, uga lumrahé karan alfabèt fonètis ICAO, utawa kanthi aran resmi liyané sandi figur lan alfabèt fonètis ICAO, iku alfabèt pangéja radhiyotéléfon kang lumrah dhéwé kaanggo ing manéka panggonan. Sanajan kerep karan "alfabèt fonètis", alfabèt pangéja ora ana gegayutané karo tata trankripsi fonètis kaya déné Alfabèt Fonètis Internasional. Nanging, alfabèt rerékané International Civil Aviation Organization (ICAO) iki ngecakaké tembung sandi kang akrofonis tumrap kurup-kurup ing alfabèt Inggris. Kanthi mangkono, kombinasi kurup lan angka bisa kaucapaké supaya dingertèni péhak-péhak kang padha kirim-kiriman layang swara lumantar radhiyo utawa téléfon tanpa nguwatiri béda basa utawa mutu saluran komunikasi antarané kang padha sesambungan.[1]
![]() |
|
Ana masalah nalika muter barkas iki? Waca pitulung médhiya. |
Tembung sandi cacah 26 ing alfabèt fonètis NATO kang kacakaké marang 26 kurup ing alfabèt Inggris lan kaurutaké kanthi alfabètis, ya iku: Alfa [ˈalfa], Bravo [ˈbravo], Charlie [ˈtʃali], Delta [ˈdɛlta], Echo [ˈɛko], Foxtrot [ˈfɔks.trɔt], Golf [ˈɡɔlf], Hotel [hoˈtɛl], India [ˈɪndia], Juliett [ˈdʒuliˈɛt], Kilo [ˈkilo], Lima [ˈlima], Mike [ˈmai̯k], November [noˈvɛmba], Oscar [ˈɔska], Papa [paˈpa], Quebec [keˈbɛk], Romeo [ˈromio], Sierra [siˈɛra], Tango [ˈtaŋɡo], Uniform [ˈjunifɔm, ˈunifɔm], Victor [ˈvɪkta], Whiskey [ˈwɪski], Xray [ˈɛks.rei̯], Yankee [ˈjaŋki], Zulu [ˈzulu].[2][3]
1 [ˈwan], 2 [ˈtu], 3 [ˈtri], 4 [ˈfoa], 5 [ˈfai̯f], 6 [ˈsɪks], 7 [ˈsɛvən], 8 [ˈei̯t], 9 [ˈnai̯na], 0 [ˈziro], 00 [ˈhandrɛd], 000 [ˈtau̯ˈzand].
Remove ads
Rujukan
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads