Andi Alfian Mallarangeng

From Wikipedia, the free encyclopedia

Andi Alfian Mallarangeng
Remove ads

Andi Alifian Mallarangeng (lair ing Makassar, Sulawesi Kidul, 14 Maret 1963; umur 62 taun).[1] Andi Mallarangeng iku pengamat pulitik Indonésia kang njabat dadi Mantri Pemuda lan Olah Raga ing Kabinet Indonésia Bersatu II.[2] Andi Mallarangeng uga njabat dadi juru bicara kepresidenan kanggo Présidhèn Susilo Bambang Yudhoyono.[2] Saliyané iku, Andi uga njabat kanthi mimpin redaksi situs web présidhèn Susilo Bambang Yudhoyono.[2]

Sunyata Rikat Mantri Pinianom lan Ulahraga ke-10, Présidhèn ...

Andi Alifian Mallarangeng éntuk gelar Doctor of Philisophy ing babagan ngèlmu pulitik saka Northern Illinois University (NIU) Dekalb, Illinois, Amérika Sarékat nalika taun 1997.[2] Ing universitas kang padha iki, Andi uga éntuk gelar Master of Science ing babagan sosiologi.[2] Déné gelar Drs Sosiologi ditampa saka Fisipol Universitas Gajah Mada, Yogyakarta nalika taun 1986.[2]

Wiwit dadi mahasiswa Fisipol UGM, Andi duwé gegayuhan kepèngin dadi dhosén.[2] Pungkasané pangimpèn iki kaleksanan, Andi dadi dhosèn ing Universitas Hasanuddin nalika taun 1988-1999 lan ing Institut Ilmu Papréntahan nalika taun 1999-2002.[2] Andi mandheg dadi dhosèn amarga Andi dipilih dadi Juru Bicara Keprésidènan karo Présidhèn Susilo Bambang Yudhoyono.[2] Wiwit iku, mantan aktivis mahasiswa ing Himpunan Mahasiswa Islam lan Senat Mahasiswa iki mandheg saka gawéyané dadi pengamat lan komèntator pulitik.[2] Miturut Andi, tugas dadi Juru Bicara Keprèsidènan iki salah sijiné kehormatan tumrap Andi.[2]

Remove ads

Cathetan suku

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads