Tentara Nasional Indonésia Angkatan Laut

From Wikipedia, the free encyclopedia

Tentara Nasional Indonésia Angkatan Laut
Remove ads

Tentara Nasional Indonesia Angkatan Laut (TNI-AL) iku péranganing Tentara Nasional Indonesia sing tanggung jawab ngenani operasi laut, dipanggedhèni déning Kepala Staf TNI Angkatan Laut, sing wektu iki diwengku déning Laksamana Tedjo Edy Purdiyatno, SH. Kakuwatan TNI-AL wektu iki kapérang dadi 2 armada, Armada Kulon sing punjeré ing Tanjung Priok, Jakarta lan Armada Wétan sing punjeré ing Tanjung Pérak, Surabaya, sarta siji Komando Lintas Laut Militer (Kolinlamil). Saliyané iku uga mbawahi Korps Marinir. Sumber prajurit TNI AL didhidhik lan dilatih ing AAL lan Kobangdikal sarta Seskoal.

Thumb
Lambang TNI-AL
Katerangan liyané Kacabangan militer, Liyané ...

TNI-AL duwé Slogan Jalesveva Jaya Mahe.


Remove ads

Komando Pasukan Katak

Cithakan:Artikel Komando Pasukan Katak (dicekak Kopaska) iku wadyabala mirunggan saka TNI Angkatan Laut. Semboyan korps iki yaiku "Tan Hana Wighna Tan Sirna" sing tegesé "ora ana rintangan sing ora bisa diatasi". Korps iki kanthi resmi diadegaké tanggal 31 Maret 1962 déning Présidhèn Indonésia Soekarno kanggo mbantu sajeroning masalah Irian Jaya. Pasukan mirunggan iki sakbeneré wis ana wiwit taun 1954.

Remove ads

Detasemen Jala Mengkara

Cithakan:Artikel Detasemen Jala Mangkara (disingkat Denjaka) iku detasemen wadyabala mirunggan TNI Angkatan Laut. Denjaka iku ékan gabungan antara personel Kopaska lan Taifib Korps Marinir TNI-AL. Denjaka diwangun miturut instruksi Panglima TNI marang Komandan Korps Marinir No Isn.01/P/IV/1984 tanggal 13 November 1984.

Korps Wanita Angkatan Laut

Cithakan:Artikel Korps Wanita Angkatan Laut (disingkat Kowal) minangka péranganing TNI Angkatan Laut, lan saben tanggal 5 Januari dipèngeti minangka Dina Dadi Kowal.

Pulisi Militer Angkatan Laut

Cithakan:Artikel

Pranala njaba

Remove ads
Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads