Arèn
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Arèn (Carakan: ꦲꦫꦺꦤ꧀) utawa neluluk utawa anggong kalebu wit kang akèh urip ing Indonesia.[1] Wit arèn utawa kang duwé jeneng Latin Arenga pinnata (Wurm) Merill kalebu wit plasma nutfah kang ditandur ing perkebunan.[2] Ing Sunda, arèn diarani tangkal kawung, ing Acèh diarani bakjuk, ing Toraja, Sulawesi Selatan diarani onau, ing Ambon, Maluku diarani mana utawa nawa-nawa, lan ing Dayak, Kalimantan diarani hanau.[1] Arèn isih saseduluran karo Arenga saccarifera Labill lan isih sakulawarga karo Arecaceae.[1] Wit arèn uga diarani bogor.[3]
Arèn duwé akèh manpangat, kaya ta getah utawa nira saka wit arèn bisa dadi ombèn-ombèn kang nyegeraké awak.[1] Ombèn-ombèn iku diarani legèn.[1] Getah arèn iku uga bisa digawé dadi gula.[1] Gula kang digawé saka getah arèn diarani gula abang utawa gula Jawa.[1] Saliyané nira utawa tlutuhé, woh wit arèn bisa dipangan utawa digawé panganan kang bisa nggawé wareg.[2] Woh wit arèn iku diarani kolang-kaling.[1] Manpangaté kang akèh ndadékaké arèn akèh ditandur déning warga masarakat.[1]
Remove ads
Cathetan suku
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads