Astragara
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Astragara utawa arsenal utawi gudhang gaman inggih punika panggénan kanggé ndamel, ngrumat, ndandosi, tuwin nyimpen gegaman kanthi kawontenan punapa kémawon. Gaman ingkang kapernahaken ing astragara saged minangka gadhahipun pribadi utawi bebrayan ageng. Péranganing astragara inggih punika panggénan kanggé nyimpen gegaman lan obat sawatawis wekdal, kados ta pos sawatawis wahana patroli ingkang namung lumampah ing wekdal mirunggan ing satunggal dinten.[1]

Remove ads
Étimologi
Tembung "astragara" asal saking tembung Kawi astrāgara[2] ingkang asalipun saking tembung Sangsekarta astrāgāra (अस्त्रागार) ingkang tegesipun 'panyimpenan gaman' utawi 'arsenal'.[3]
Tembung "arsenal" asal saking basa Itali arsenale, lan basa Prancis arsenal, ingkang oyodipun saking basa Arab دار الصناعة, dār aṣ-ṣināʕa, ingkang tegesipun 'toko manufaktur'.[4][5][6][7][8][9]
Rujukan
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads