Banthèng

From Wikipedia, the free encyclopedia

Banthèng
Remove ads

Banthèng (Bos javanicus) inggih punika spésies lembu wana ingkang pinanggih ing laladan Asia Kidul-Wétan.[1] Panjangipun antawis 1,9 dumugi 3,68 m. Banthèng liyar limrahipun langkung ageng lan langkung awrat tinimbang banthèng ingah-ingahan, nanging blegeripun taksih saèmper. Banthèng diwasa limrahipun awarni soklat mateng dumugi cemeng, langkung ageng saha langkung keker kabandhingaken lembu diwasa.

Sunyata Rikat Setatus konservasi, Klasifikasi ngèlmiah ...

Banthèng ingkang sampun dipun-dhomèstikasi inggih punika kawastanan 'sapi bali'. Cacahipun populasi udakawis wonten 1,5 yuta.[1] Banthèng saged dipun-ginakaken minangka kéwan makarya, lan saged dipun-mupangataken dagingipun.[1]

Remove ads

Panyebaranipun lan subspésies-ipun

Panyebaran lan subspesies banteng saged kapérang:[2]

Banthèng saged gadhah inggil ngantos 1,6 mèter ing sisih gegeripun lan panjang awakipun ngantos 2,3 mèter.[2] Abotipun Banthèng jaler 680 – 810 kg, jaler ingkang ageng sanget saged ngantos satunggal ton.[2] Ingkang èstri boten patia abot tinimbang jaleripun.[2] Banthèng gadhah warni pethak ing sikil, punuk pethak, sarta warni pethak ing sisih mata lan moncongipun.[2] Banthèng jaler gadhah kulit awarna biru-cemeng utawi soklat peteng.[2] Sungu nglengkung manginggil, lan punuk ing gegeripun wonten punukipun.[2] Nanging ing èstri gadhah warni soklat radi abrit lan sungu ingkang cendhak lan boten gadhah punuk.[2]

Remove ads

Cathetan suku

Pranala njawi

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads