Basa Honggari

basa From Wikipedia, the free encyclopedia

Remove ads

Basa Honggari utawa sajeroning basa saenggon ingaran Magyar (waca: mojor) iku minangka anak cabang basa-basa Fino-Ugrik. Dipituturaké déning 14 yuta jiwa, lan 10 yuta ing antarané urip ing Honggari. Basa iki dituturaké ing kawasan-kawasan kaya Rumania, Slowak, Ostenrik, Serbia, Kroasia, Slowén lan Ukraina.

Sunyata Rikat Magyar nyelv, Dituturaké ing ...
Remove ads

Sajarah

Leluhur bangsa lan basa Honggari dikira asal saka Siberia kanthi jeneng Onoguoroi. Nanging asal-usulé isih durung cetha lan angèl dibuktèkaké.

Anajuga sing nyantholaké gegayutan antara basa Honggari karo basa kaum Hun sing tau nguasani padhang rumput Asia Tengah nganti Éropa. Nanging bab iki uga isih dadi pitakonan.

Golongan Basa

Basa Honggari digolongaké sajeroning basa Finno-Ugrik. Sing narik kawigatèn amarga basa iki sarumpun karo basa-basa ing kawasan Siberia sing let-éwon mil saka Honggari. Basa-basa sing mèmper karo basa Honggari iki antarané Khanty, lan Mansi sing dituturaké ing Ruslan.

Wewengkon Sebar Tutur

Basa Honggari dituturaké ing nagara-nagara iki:

Katerangan liyané Negara, Penutur ...

Basa iki uga dianggo déning komunitas Honggari ing Kanadha, Amérika Sarékat lan Australia

Status Resmi

Basa Honggari saliyané dadi basa resmi ing Honggari, uga dadi salah siji basa resmi ing Uni Éropa. Basa iki uga dadi salah siji basa resmi ing Vojvodina, Serbia lan diakoni sanadyan ora resmi ing Rumania.

Pranala njaba

Sunyata Rikat
Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads