Basa Turki

basa kang dicaturaké utamané ing Turki saha nagara-nagara sakiwa tengené From Wikipedia, the free encyclopedia

Remove ads

Basa Turki kagolong basawangsa Turki paling kulon, lan kanthi gunggung penutur paling akèh yèn dibandingaké karo basa-basa Turki liyané.

Sunyata Rikat Türkçe, Türkiye Türkçesi, Dituturaké ing ...
Remove ads

Mulabuka

Basa Turki wiwitané saka Asia Tengah yaiku golongan sing diarani golongan Oguz sing pindhah-pindhah nganti tekan jazirah Anatolia, Asia Cilik. Basa cawang Oguz iki samsaya suwé banjur owah. Golongan Oguz iki nyebar wiwit Anatolia nganti Supitan Bosporus. Golongan sing nggawa basa iki yaiku golongan Seljuk ing abad kaping 10. Miwiti Islam dianut masarakat Turki, basa Turki ing wewengkon Anatolia wiwit nyerep manéka kosakata saka basa Arab lan basa Pèrsi. Basa Turki sabanjuré ing abad 15 nggayuh puncak kejayaané ing mangsa Kalipah Usmaniyah. Ing jaman Usmaniyah iki, basa Turki ditulis nganggo sajinis Aksara Arab. Nanging, wiwit taun 1928, Mustafa Kemal Atatürk, sing diwanuhi minangka bapak Turki Sekuler ngupaya nggawa Turki dadi modhèren lan ngganti kabèh pangeja basa Turki nganggo aksara Latin.

Remove ads

Panggolonging basa

Basa Turki iku anggota cawang saka Basa-basa Turki, sing dumadi saka basa Turki Gagauz lan basa Turki Khorasani. Kagolong subklompok Turki Kidul, sing kagolong sajeroning golongan basa Ural-Altai utawa basa Turkik.

Laladan sebaran tutur

Basa Turki dituturaké ing Turki lan 35 nagara liyané. Basa iki dituturaké ing Bulgaria watara 1 yuta jiwa, Ellas watara 100 èwu jiwa, Républik Turki Siprus Lor watara 18% sing ndunungi Siprus, Makedonia watara 86.591 jiwa, Rumania ing kawasan Dobruja lan Uzbekistan, basa iki uga karan basa Osmanli.

Status resmi

Basa Turki dadi basa resmi ing Turki lan Républik Turki Siprus Lor. Saliyané iku, uga diajaraké ing pawiyatan-pawiyatan pariklumpuk (Ind: komunitas) Turki ing Bulgaria, Ellas, Makedonia lan Rumania.

Carabasa

Basa Turki kapérang dadi sawatara carabasa, kaya déné carabasa Danubia sing dituturaké ing tlatah Balkan, Gaziantep, Sanliurfa, Edirne, Razgrad, Dinler, Rumelia, Karamanli lan Eskisehir.

Tatatulis

Ing jaman Kalipah Usmaniyah, basa Turki ditulis nganggo sajinis Aksara Arab, nanging wiwit taun 1928, basa Turki ditulis nganggo Aksara Latin sing diowahi, contone ana ing aksara ç, ğ, ı, ö, lan ü.

Aksara Wyanjana Turki : Aksara Wyanjana Jawa

H : Ha

N : Na

Ç : Ca

R : Ra

K : Ka

S : Sa

Ş : Sya (Śa)

V : Va

L : La

P : Pa

F : Fa

D : Dha

C : Ja

J : Zya (Źa)

Y : Ya

M : Ma

G : Ga

Ğ : Gha

B : Ba

T : Tha

Aksara Swara Turki : Aksara Swara Jawa

A : Ah

İ : I

I : Û

U : U

Ü : Ü

E : E

O : O

Ö : Œ

Remove ads

Conto têmbung

Aturan Wilujeng

Merhaba: Wilujêng

Selam: Wilujeng (kasar)

Günaydın: Wilujeng enjing

İyi günü: Wilujeng siyang/sore

İyi akşamlar: Wilujeng sore/dalu

İyi geceler: Wilujeng dalu

Güle güle: Dhadhah

Görüşürüz: Wilujeng pirsa malih

Teşekkür ederim: Matur nuwun

Rica ederim: Sami-sami

Afferdersin: Nuwun sewu, nyuwun pangapunten

Tetembungan Purusa

Ben: aku/kula

Sen : kowe

Siz: kowe kabèh/panjenengan

O: dheweke/barang iku

Angka

Bir: siji

Iki: loro

Üc: telu

Dört: telu

On: papat

Yirmi: rongpuluh

Remove ads

Cathetan sikil

Deleng uga

Pranala njaba

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads