Basa Using

From Wikipedia, the free encyclopedia

Remove ads

Basa Using utawa Using iku dituturaké ing tlatah Banyuwangi utawa kang biyasa ka'aran Blambangan. Using asalé saka tembung "sing" kang tegesé "ora". Tembung iki saka basa Bali "tusing". Asliné basa Using iki salah siji varian basa Jawa kang tansah dituturaké ing Banyuwangi. Akèh uga tetembungan kang kena pangaruh basa Bali, basa Madura, lan kadhang basa Inggris. Masarakat Using duwé kabudayan kang bedha karo masarakat Jawa salumrahé amarga ana pengaruh saka Bali .Akèh para winasis kang nyaturake yèn basa Using iku sejatiné cabang langsung saka basa jawa kunå kang seje ambi basa Jawa baku (Surakarta-Yogyakarta) Nanging basa Using nduweni kecenderungan logat basa Bali. Basa utawa dhialek Using iki dicaturaké ning kira-kira separo wewengkon Banyuwangi. Wong utawa Lare Using racaké manggon ning kecamatan :

  • Kalipuro
  • Giri
  • Glagah
  • Songgon
  • Licin
  • Kabat
  • Banyuwangi kutha
  • Sempu
  • Singojuruh
  • Rogojampi
  • Blimbingsari
  • Rogojampi
  • Srono
  • Sebagian Genteng
  • Sebagian Muncar

Yèn kacamatan sisih kidul lumrahe nganggo Basa Jawa Mataraman, yèn sisih lor lan kulon nganggo båså Medurå, Cara Using uga tinemu ning wewengkon Jember sanajan cacahé sethithik banget.

Remove ads

Pangucapan

Pangucapan ning Basa utawa dhialek Using Banyuwangen iki rada bedha karo dhialek Jawa liyané. Misale abjad vokal ning pungkasan ukara diwaca bedha. Upami:

  • (u) kawacan (au)
  • (i) kawacan (ai)
  • (o) kawacan (ao)
  • (e) kawacan (ae)


Ukara:

  • biru dhadi (birAu)
  • gedhigi dhadi (gedhigAi)
  • soto dhadi (sotAoo)
  • sore dhadi (sorAe)
  • milu dhadi (milAu)

Manawa huruf bA, gA, dA, nA, mA ana tambahan ya Upami:

  • (bA) dhadi (byA)
  • (gA) dhadi (gyA)
  • (dA) dhadi (dyA)
  • (mA) dhadi (myA)
  • (nA) dhadi (nyA)
  • (wA) dhadi (yA)

Kalimat:

  • Banyuwangi dhadi (ByAnyuwangAi)
  • Kembang gadhung dhadi (kembyAng gyAdong)
  • Dhayuh dhadi (DyAyoh)
  • Omah dhadi (UmyAh)
  • Uwak dhadi (uwyA')
  • Nonah dhadi (nonyAh)
  • Embah dhadi (embyAh)

Kajaba iku, akèh ukara-ukara kang jarang tinemu ning dhialek liyané.

Ukara-ukara iku akèh kang asalé saka Basa Kawi (Jawa Kunå) lan Jawa Pertengahan : Umpami:

  • hang (asale saka ikang) : kang utawa sing
  • isun : aku, ing Jawa liyané isun utawa ingsun kalebu kråmå
  • rikå : ing Banyuwangi rikå iku padha tegesé karo sampean utawa ndikå, panjenengan, rikå (krama)
  • isun : aku, ing Jawa liyané isun utawa ingsun kalebu kråmå
  • ring, nong: ing, ning, nang
  • nånå (asale saka tan nana) : ora ana
  • sawi : pohung
  • sawen: sawi
  • bengen : biyen
  • parek : cedhak utawa cerak
  • gancang : ndang utawa gek ndang
  • laki/rabi : bojo

Ukara-ukara kang asale saka Basa Osing lan ora tinemu ing Jawa kunå utowo Jawa liyané umpami :

  • Klendhi kabare? (kawaca: Klendhi kabyare?): Piye kabare?

yèn diwalik dadi Kabare klendhi? pangucapane dhadi: kabyAre klendAi?

  • Ono paran?: Ana apa?
  • Gedhigi (kawaca: gedigAi): mengkene, ngene
  • Gedhigu (kawaca: gedigAu): mangkono, ngono

Ukara-ukara kang asalé saka Basa Bali umpami :

  • bojog : kethek
  • sing : ora

Ukara-ukara kang asalé saka Basa Medurå umpami :

  • jebheng : bocah wadon

Ana manèh, ukara-ukara kang asalé saka basa Inggris. Jaman Walanda biyèn, akèh tuan tanah saka Inggris kang manggon ning perkebunan-perkebunan mligi ning tlatah Glenmore, Kalibaru lan Genteng. Dhadi pengaruhe Basa Inggris lumebu ning cara Using. Upami:

  • sulung (saka ukara so long): dhisik
  • nagud (saka ukara no good): ora becik
  • ngepos (saka ukara pause): berhenti
Remove ads

Kaanan Basa Using saiki lan variasine

Basa Using saiki dikukuhaké kalebu mata ajaran ning sekolah dhasar lan sekolah lanjutan tingkat pertama sa' Banyuwangi. Sajatiné wis dicoba wiwit taun 1997 lan dibarengke karo mata ajaran Basa Jawa. Iki pratamane diajarke ning sekolah-sekolah kang kalebu tlatah cara Using.

Basa utawa cara Using dhéwé saben kacamatan ana bedhane. Using kang digawé ning kacamatan-kacamatan ning lor Banyuwangi cara pangucapane tansah kuna ketimbang cara Using ning kacamatan-kacamatan ning kidul.

Remove ads

Rujukan

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads