Sistem wilangan binèr

From Wikipedia, the free encyclopedia

Remove ads

Sistem wilangan binèr utawa sistem wilangan basis loro iku sebuah sistem panulisan angka kanthi migunakaké loro simbol ya iku 0 lan 1. Sistem wilangan binèr modhèren tinemu déning Gottfried Wilhelm Leibniz ing abad angka 17. Sistem wilangan iki minangka dhasar saka kabèh sistem wilangan mawa basis digital. Saka sistem binèr, kita bisa ngonvèrsi menyang sistem wilangan Oktal utawa Hexadesimal. Sistem iki uga bisa kita sebut kanthi istilah bit, utawa Binary Digit. Panglompokan binèr sajeroning komputer tansah gunggung 8, kanthi istilah 1 Byte/bita. Sajeroning istilah komputer, 1 Byte = 8 bit. Kodhe-kodeh rancang bangun komputer, kaya ASCII, American Standard Code for Information Interchange migunakaké sistem peng-kodhe-an 1 Byte.

20=1

21=2

22=4

23=8

24=16

25=32

26=64

dst

Remove ads

Pétungan

Katerangan liyané Dèsimal, Binèr (8 bit) ...

Pétungan sajeroning binèr mèmper karo ngitung ing sistem wilangan liya. Diwiwiti saka angka pisanan, lan angka sabanjuré. Sajeroning sistem wilangan dèsimal, pétungan migunakaké angka 0 nganti 9, déné sajeroning binèr mung migunakaké angka 0 lan 1.

conto: ngowahi wilangan dèsimal dadi binèr

dèsimal = 10.

dhedhasar referensi ing dhuwur kang nyedhaki wilangan 10 iku 8 (23), sabanjuré asil pangurangan 10-8 = 2 (21). saéngga bisa dijabaraké kaya mangkéné

10 = (1 x 23) + (0 x 22) + (1 x 21) + (0 x 20).

saka pétungan ing dhuwur wilangan binèr saka 10 iku 1010

bisa uga kanthi cara liya ya iku 10: 2 = 5 sisa 0 (0 bakal dadi angka pungkasan sajeroning wilangan binèr), 5(asil pembagian pisanan): 2 = 2 sisa 1 (1 bakal dadi angka kaloro pungkasan sajeroning wilangan binèr), 2(asil pembagian kaloro): 2 = 1 sisa 0(0 bakal dadi angka katelu pungkasan sajeroning wilangan binèr), 1 (asil pembagian katelu): 2 = 0 sisa 1 (0 bakal dadi angka pisanan sajeroning wilangan binèr) amarga asil para (id: bagi) wis 0 utawa entèk, saéngga wilangan binèr saka 10 = 1010

utawa kanthi cara kang luwih rikat

10:2=5(0),

5:2=2(1),

2:2=1(0),

1:2=0(1) sisa “asil paran” (id:: hasil bagi) diwaca saka mburi dadi 1010


Cithakan:Matematiangka stub

Remove ads
Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads