Karajan Manunggal
nagara ing Éropa sisih Lor-Kulon From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Karajan Manunggal utawa pepaké Karajan Manunggal Britani Agung lan Irlan Lor[9] (Inggris: United Kingdom of Great Britain and Northern Ireland) iku nagara ing bawana Éropa. Sing ndunungi cacahé kira-kira ana 56 yuta. Kutha krajané iku London. Nagara iki kerep diarani Inggris, nanging sajatiné aran iki kurang cocog amarga Inggris iku praja utawa diarani Home Nation ing basa Inggris.
Remove ads
Pamérangan administratif
Karajan Manunggal dipérang dadi papat nagara:
Jeneng Britani Agung sajeroning basa laladan
- Basa Inggris: United Kingdom of Great Britain and Northern Ireland
- Basa Wales: Teyrnas Unedig Prydain Fawr a Gogledd Iwerddon
- Basa Gaelik Sekotlan: An Rìoghachd Aonaichte na Breatainn Mhòr agus Eirinn mu Thuath
- Basa Irlandia: Ríocht Aontaithe na Breataine Móire agus Thuaisceart Éireann
- Basa Inggris Sekotlan: Unitit Kinrick o Great Breetain an Northren Ireland
Cathetan
- Varian saka lambang radya kang dianggo ing wewengkon Skotlan: [klik saperlu ndeleng gambar].
- Varian saka lambang radya kang dianggo ing wewengkon Skotlan: [klik saperlu ndeleng gambar].
- Ora ana vèrsi kang kolmak ngenani antem nasional awit tembung-tembungé wis dadi adat pakulinan; namung tembang kang kapisan kang adaté dinyanyèkaké.[1] Ora ana ukum kang ngesahaké yèn "God Save the Queen" iku antem resmi. Sajeroning adat Inggris, ukum mangkono ora perlu; bayawara lan panganggo wis cukup ndadèkaké iku antem nasional. "God Save the Queen" uga minangka antem radya ing sawenèh Buwana Kasaraharjan.
- Sajeroning Partisara Éropa tumrap Basa Enggonan lan Minoritas wetoning Paheman Éropa, basa Skot, Skot Ulster, Kemraig, Kernuwek, Galig, lan Gélige iku resmi diakoni minangka basa enggonan utawa basa minoritas déning pamaréntah Britania saperlu minangkani partisara iku.[2] Waca uga Basa ing Karajan Manunggal.
- Sawenèh nagara serahan, jajahan Mustaka, lan Wewengkon Sabrang Britania ngetokaké dhuwit kertas lan valuta sterling dhéwé, utawa nganggo valuta nagara liya. Wacaa Pratélaning valuta Britis kanggo katerangan luwih
- Iki ora kalebu sawenèh jajahan Karajan Manunggal. Wacaa Wektu ing Karajan Manunggal
- Ora kapétung akèh-akèhé jajahan sabrang
- Dhomain .eu uga dianggo awit iki dianggo barengan nagara-nagara anggota Uni Éropa. TLD liya uga dianggo kanthi enggonan
Rujukan
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads