Pasisir Karta
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Pasisir Karta utawa Costa Rica yaiku nagara paling cilik nomer loro ing Amérika Tengah kang wewatesan karo Nikaragua ing sisih lor, Panama ing sisih kidul- kidul-wétan, Samodra Pasifik ing sisih kulon lan kidul, lan Sagara Karibia ing sisih wétan. Pasisir Karta minangka nagara pengonsumsi gula paling akèh ing donya. Taun 1980, konsumsi rata-rata per jiwa punjul 65 kg kang tegesé saben wong mangan 1,7 ons gula sadina. Nagara iki ndarbèni tingkat pulitik paling aman ing kawasané. Dibandingaké karo nagara-nagara Amérika Latin liyané, Pasisir Karta unggul sajeroning pikolèhan per kapita. Kasil utama nagara kang wewengkoné udakara 51.100 km² iki yaiku kopi.
Remove ads
Deleng uga
- Pratélan nagara
- Pratélan nagara miturut bawana
- Pratélan nagara miturut amba wewengkon
- Pratélan lagu kabangsan
- ISO 3166-1
Pranala njaba
![]() |
Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Category:Costa Rica. |
![]() |
Wikiplesir duwé panuntun plesir ngenani Costa Rica. |
Cithakan:Amérika Tengah
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads