Dewan Perwakilan Daerah

From Wikipedia, the free encyclopedia

Dewan Perwakilan Daerah
Remove ads

Dewan Perwakilan Laladan (dicekak DPD) iku lembaga tinggi nagara sajeroning sistem ketatanagaraan Indonésia kang anggotané minangka perwakilan saka saben provinsi kang dipilih liwat Pilihan umum.

Thumb

DPD duwé fungsi:

  • Ngajokaké usul, mèlu mbahas lan mènèhi pertimbangan kang magepokan karo babagan legislasi tinamtu
  • Pengawasan tumrap pelaksanaan Undhang-Undhang tinamtu.

Anggota DPD saka saben provinsi ana 4. Dadi gunggung anggota DPD wektu iki ana 128. Mangsa kalungguhan anggota DPD ya iku 5 taun, lan mungkasi bebarengan wektu para anggota DPD kang anyar ngucapaké sumpah/janji.

Remove ads

Tugas, wewenang, lan hak

Tugas lan wewenang DPD punika:

  • Ngajokake marang DPR Rancangan Undang-Undang kang magepokan karo otonomi laladan, gayutan pusat lan laladan, pambentukan lan pamekaran laladan, panggabungan laladan, pengelolaan sumber daya alam, lan sumber daya ékonomi liyané, sarta ingkang wonten gegayutane karo perimbangan keuangan pusat lan laladan. DPR banjur ngundang DPD kanggo ngrembug RUU mau.
  • Menehi panyarue marang DPR ngenani RUU APBN lan RUU kang magepokan karo pajak, pendhidhikan, lan agama.
  • Menehi panyerue marang DPR ngenani pemilihan anggota Badan Pemeriksa Keuangan.
  • Melu ngawasi lumakune undang-undang ngenani otonomi laladan, pembentukan, pemekaran, lan penggabungan laladan, gayutan pusat lan laladan, pengelolaan sumber daya alam, lan sumber daya ékonomi liyané, lumakune APBN, pajak, pendhidhikan, lan agama.
  • Nampa asil pameriksaan keuangan nagara saka BPK kanggo bahan pertimbangan marang DPR ngenani RUU kang magepoikan karo APBN.
Remove ads

Uga delengen

Pranala njaba

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads