Wangsa Qing
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Rajawangsa Cing (Ind: Dinasti Qing) (Aksara Kan: 清朝, Pinyin: Qīng Chao) (1644 - 1911), ditepungi uga minangka rajawangsa Mancu yaiku salah siji saka rong rajawangsa manca kang mréntah ana ing Cina sawisé rajawangsa Yuen Mongol (Ind: Dinasti Yuan Mongol) lan uga rajawangsa kang paling pungkasan ana ing Cina.[1] Manca iku tegese rajawangsa paprenntahan saliya wangsa Kan kang dianggep dadi èntitas Cina ing jaman dhisik.[1] Wangsa iki diyasa déning wong Mansuri saka kulawangsa Aisin Gioro (Pinyin: Aixinjueluo), kang banjur ngadhopsi tata cara papréntahan rajawangsa sadurungé lan digabungaké ana ing Cina.[1]

Remove ads
Mangsa kajayan
Rajawangsa Cing ana ing kajayané nalika ing sangisoré papréntahan Bauratu Kangsyi (Ind:Kaisar Kangxi) (mréntah taun 1662 - 1722), Yongceng (1723 - 1735) (Ind: Yongzheng) lan Cyenlong (1735 - 1796) (Ind: Qianlong).[1][2] Nalika taun 1661 Bauratu Syunci (Ind:kaisar Shunzhi) tilar donya kanthi umur 24 taun lan digantèkaké déning putra nomer papaté, Aysyincwe'lwo Syuanywe (Ind: Aixinjueluo Xuanyue) kang dadi Bauratu Kangsyi.[1]
Ana ing wiwitan papréntahané, bauratu Kangsyi dibiyantu déning 4 Mantri Wali lan dibimbing déning nininé, Ibusuri Syawcwang.[1] (Ind: Xiaozhuang). Nalika taun 1669, Bauratu Kangsyi bisa nggagalaké rencana salah siji Mantri Waliné, Awbay (Aobai) kang duwé kepénginan kanggo ngraman.[1] Dhèwèké uga bisa ngredhem Pambrontakan Telu Raja Mudha (salah sijiné yaiku Wu Sangui, kang diwènèhi wewengkon lan sesebutan pangéran amarga jasané) lan pambrontakan sukuwangsa-sukuwangsa saka Mongolia.[1] Taywan kang dikuwasani déning kulawarga Ceng (Ind: Zheng) kang setya marang rajawangsa Ming, bisa dikuwasani nalika taun 1683.[1] Prajanjian wewatesan karo nagara Rusiyah uga digawé nalika taun 1689.[1]
Sawisé ditinggal déning bauratu Kangsyi nalika taun 1722, putrané kang nomer papat, pangéran Yong (lair Aysincwe'lwo Yincen (Aixinjueluo Yinzhen) manggoni dhampar dadi Yongceng (Yongzheng).[1] Pamaréntahané diwernani karo sengkéta antarané pangéran, kang ngrasa jumenenge bauratu Yongceng iku amarga ana rékayasa.[1] Bauratu Yongceng ditepungi minangka bauratu kang sregep temandang gawé. Ana ing mangsa papréntahan bauratu Yongceng (Youngzheng) artatataning (Ind: ekonomi) nagara Cing samsaya kuwat.[1]
Remove ads
Kaisar-kaisar Wangsa Qing
Remove ads
Uga delengen
- Pratélan kepala suku Jurchen Jianzhou
Cathetan sikil
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads