Emping mlinjo

kripik kang asalé saka isi mlinjo From Wikipedia, the free encyclopedia

Emping mlinjo
Remove ads

Emping mlinjo iku panganan garing sajinis krupuk kang digawé saka woh mlinjo. Emping mlinjo duwèni akèh rasa, yaiku legi, gurih, lan ana uga kang pedhes. Emping mlinjo bisa dipangan minangka panganan cemilan nanging uga kerep dienggo tambahan ing menu masakan kaya ing masakan Soto Betawi utawa gadho-gadho.

Sunyata Rikat Panggonan asal, Tlatah utawa praja ...
Thumb
Emping sawisé digorèng

Panganan emping iki akèh diasilaké déning pengusaha cilik menengah, kaya ta ing Kecamatan Limpung, Kabupatèn Batang, Jawa Tengah, Kabupatèn Magetan, Jawa Wétan, utawa ing Kabupatèn Bantul. Emping sapérangan diékspor menyang Wétan Tengah.

Emping bisa uga digawé saka bahan kang dudu mlinjo, anggeré ngandhut pathi kang cukup. Ana emping digawé saka jagung (ing Yogyakarta) sarta saka umbi teki. Déné emping ingkang wujudé bunder disebat emping klethuk.Emping klethuk iku rasané warna-warna, ana asin, pedes, pedes-manis, peses asin, lan sanès-sanesé.

Remove ads

Cara Panggawéné

  1. Mlinjo dioncèki saka kulité
  2. Isi mlinjo banjur di godhog saumuban
  3. Banjur isi mlinjo dioncèki saka kulit ariné
  4. Banjur digèpèngaké utawa di giling
  5. Banjur dipépé sagaringé
  6. Banjur digorèng
  7. Banjur diwènèhi bumbu legi, gurih, utawa pedhes



Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads