Géhu

panganan mligi saka Sundha, Indhonésiya From Wikipedia, the free encyclopedia

Géhu
Remove ads

Géhu (cekakan saking taugé tahu) inggih punika jajanan ingkang khas saking kutha Bandung. Jajanan punika ingkang kadamel saking tahu ingkang dipunisi kaliyan thokolan lan bumbu pedhes lajeng dipungoreng kanthi dipunparingi lapisan ingkang kadamel saking adonan glepung terigu, glepung beras lan glepung kanji.[1] Dening masyarakat Sunda, gehu punika ugi dipunwastani gehu jeletot (Basa Sunda: gehu mendelik) amargi raosipun ingkang saestu pedhes satemah kaya-kaya damel mripat punika mendelik. Kejawi tauge, limrahipun isi saking gehu punika dipuntambahi kaliyan sayuran sanesipun inggih punika kol, wortel, lan bihun. Ukuran saking gehu punika limrahipun sekedhik langkung ageng saking tahu isi limrahipun ingkang kathah dipunsade wonten ing pinggiran margi ing kutha Jakarta.[2]

Thumb
Gehu ing piring
Remove ads

Referensi

Pranala njawi

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads