Ginsèng

From Wikipedia, the free encyclopedia

Ginsèng
Remove ads

Ginsèng (Panax) punika jinising terna mawi khasiat obat ingkang kalebet ing suku Araliaceae. Ginsèng tuwuh ing wewengkon belahan bumi sisih lèr mliginipun wonten ing Siberia, Manchuria, Koréa, lan Amérikah Sarékat. Jinis ginsèng tropis saged kapanggih wonten ing Vietnam, inggih punika Panax vietnamensis. Nama "ginsèng" dipunpendhet saking Basa Inggris ingkang dipunwaos ndhèrèk lafal Basa Kantonis, jên shên, wonten ing Basa Mandarin dipunwaos "ren shen", "人蔘" (duplikat manungsa), amargi wujuding oyot ingkang kados manungsa. Gingsèng dipun-ginakaken wonten ing pangobatan tradhisional. Oyot saking tuwuhan punika saged nglancaraken aliran lan nginggilaken produksi sèl getih abrit sarta paring pambiyantu pamulihan saking lelara. Ing Indonesia wonten ugi tuwuhan ingkang gadhah khasiat sami kaliyan gingsèng inggih punika ginseng Jawa utawi som jawa, Talinum paniculatum Gaertn. lan kolesom, Talinum triangulare Wild. Ing sajeroning pangobatan tradhisional oyotipun dipuncampur kaliyan manéka jinis obat lan ingkang paling kawéntar wonten ing wujud campuran anggur. Kajian babagan khasiat lan mupangatipun gingsèng sampun dipunwontenaken kanggé ndadosaken kolesom minangka ginsèng Indonesia.

Sunyata Rikat Ginseng, Klasifikasi ngèlmiah ...


Remove ads

Piguna

Tetuwuhan Gingseng dimupangataké manungsa kanggo ningkataké daya tahan fisik lan mental, nambah tenaga, nyetabilaké fisiologi awak, mudhunaké gunggung kolésterol ing awak, lan nyegah lara kanker. Mupangat Gingseng kang paling kawentar yai iku minangka paningkat organ seks wong lanang amarga bisa ningkataké prodhuksi hormon Testostéron, lan ningkataké libido.[1]

Jinis-jinis Gingsèng

  • Panax schinsen (Araliaceae) = Gingsèng Koréa/China
  • Panax japonicum (Araliaceae) = Gingsèng Jepang
  • Panax quinquefolius (Araliaceae) = Gingsèng Amérika
  • Panax pseudoginseng (Araliaceae) = Gingsèng Himalaya
  • Eleutherococcus senticoccus (Araliaceae) = Gingsèng Sibéria
  • Rumex hymenosepalus (Polygonaceae) = Gingsèng Padhang Pasir
  • Talinum paniculatum (Portulacaceae) = Gingséng Jawa[2]

Panax schinsen

Panax schinsen utawi ginsèng korea punika jinising gingsèng ingkang asalipun saking Koréa.[3]

Tiyang Koréa nyebat ginsèng minangka insam.[4] Ing Koréa, Panax schinsen alasan ingkang tuwuh wonten ing wana pagunungan dipunsebat sansam (ginsèng gunung). Sansam punika ginseng alasan, déné insam punika ginsèng ingkang dipundamel budidaya.[4] Sanajan kapan kapisan ginsèng dipundamel budidaya wonten ing Koréa boten dipunmangertosi nanging kualitasipun sampun dipunmangertosi dangu.[4] Salah satunggal produkipun dipunmangertosi kanthi nama goryeo insam (ginsèng goryeo/ginseng Koréa).

Ginsèng korea punika gadhah kualitas ingkang saé amargi dipuntandur wonten ing lemah ingkang subur mawi iklim ingkang trep.[4] Sampun dangu tiyang Koréa ngregani ginseng lan gadhah kekajengan kanggé duwé gingseng.[4] Tiyang ingkang madosi ginsèng ingkang tuwuh kanthi alasan wonten ing gunung lajeng dipunsadé dipunwastani sinamani (penggali ginsèng alasan).[4] Amargi mastani sansam minangka bebungah déwa gunung (sansin), sadèrèngipun ngedhuk ginseng kaawiwitan kanthi ndedonga rumiyin dhumateng déwa gunung lan ngatos-atos anggènipun ngendikan lan tumindak. Manawi manggihaken sansam lajeng mbengok "sim bwatda" (kula sampun manggihaken). Lajeng nglampahi ritual dhumateng déwa gunung sadèrèngipun ngedhuk kanthi ngatos-atos. Wonten ing mitologi Koréa, sansam punika obat minangka bebungah saking déwa.[4] Piyambakipun saged urip lan micara.[4] Sapunika insam sampun dipundamel budi daya kanthi wiyar amargi khasiat lan mupangatipun kanggé manungsa, antawisipun nglawan kanker lan lelara, minangka tonik, bahan dhaharan, unjukan kanggé kasarasan lan sanèsipun.[4]

Ugi pirsani

  • Salvia miltiorrhiza
  • Pangobatan tradhisional Tionghoa

Cathetan suku

Pranala njawi

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads