Gukbap

From Wikipedia, the free encyclopedia

Gukbap
Remove ads

Gukbap (국밥) yaiku masakan Koréa kang digawé kanthi nglebokaké sega ing (guk) sup panas.[1][2]

Thumb
Gulgukbap, sega sup kerang.

Uga diarani janggukbap utawa nasi sup kecap amarga diwènèhi kecap (ganjang) mula rasanya manut kualitas kecap.[2]

Sajarah masakan iki kacathet ing buku resep masakan Dinasti Joseon.[2] Dikandakake, wiwitane ing dhuwur méja mangan wong Joseon mung ana guk (sup) lan bab (sega). Wong-won mau bajur nggodhog daging lan ngesorake sup ing sega mula dadi ana gukbap.[2] Nalika iku, wong-wong kang mèlu ing upacara utawa festival ing istanaluwih disik mangan gukbap.[2]

Gukbap yaiku siji masakan Koréa kang paling prasaja lan gampang digawé.[2] Isiné yaiku sup kaldu bening saka daging lan balung sapi banjur diwènèhi kecap.[2] Sawisé siyap sega siyap, kecambah lan taburan lada ireng di deleh ing kono.[2] Jinis gukbap ana pirang-pirang, antarané yaiku seolleongtang, gomtang, galbitang, yukgaejang, kongnamul gukbap lan sapanunggalane.[2] Kongnamul gukbap yaiku sup sega kecambah kas saka kutha Jeonju.[3]

Remove ads

Uga delengen

Cathetan suku

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads