Honggari

From Wikipedia, the free encyclopedia

Honggari
Remove ads

Républik Honggari (Hongaria) iku nagara ing bawana Éropa. Sing ndunungi cacahé kira-kira ana 11 yuta. Kutha krajané iku Budapest. Nagara iki wewatesan karo Ostenrik ing sisih kulon, Slowak ing sisih lor, Ukraina ing sisih wétan, Rumeni ing sisih kidul-wétan lan Kroasia sarta Serbia ing sisih kidul. Sajeroning basa saenggon, nagara iki dikenal minangka Magyarország sing tegesé laladan Magyar. Honggari mbentuk kumpulan Visegrád bebarengan karo Polen, Slowak lan Républik Céko.

Sunyata Rikat Magyar Köztársaság, Kuthagaralan Kutha paling gedhé ...
Thumb
Peta Honggari
Remove ads

Sajarah

Artikel utama: Sajarah Honggari

Ing mangsa Kakaésaran Rum, wong-wong Rum ngarani wewengkon iki Pannonia (sisih kulon Kali Danube). Sawisé Roma klebon suku-suku Jermanik lan tekanan saka bangsa Karpia, Periode Migrasi terus nekakaké akèh penyerang. Wiwitan teka wong-wong Hun, sing yasa sawijining imperium sing kuwat ing sangisoring Attila. Jeneng "Honggari" manawa kaprabawan déning bangsa Hun, sanadyan manawa jeneng iki asal saka jeneng aliansi Turkis ing abad kaping 7 sing karan Onogur. Sawisé papréntahan wong-wong Hun ilang, suku-suku Jermanik liyané ya iku wong-wong Lombardi lan Gepid kuwasa ing Pannonia sajeroning watara 100 taun. Ing mangsa iku uga suku-suku Slavia wiwit migrasi mangidul. Ing taun 560-an, banjur digantekake déning Avar sing kuwasa ing negri iku rong abad suwéné. Wong-wong Prancis ing sangisoring Charlemagne saka kulon lan wong-wong Bulgar saka kidul-wétan wusanane kasil nggulingake wong-wong Avar ing wiwitan abad angka 9. Sabanjure wong-wong Frankia mundur, lan karajan Slavonik Moravia Raya sarta Kepangeranan Balaton nguwasani sapérangan gedhé Pannonia nganti pungkasan abad iku. Wusanane bangsa Magyar migrasi menyang Honggari ing pungkasan abad angka 9.

Remove ads

Wewengkon

Artikel utama: Wewengkon ing Honggari

Sacara administratif Honggari kapérang dados 19 kabupatèn. Nanging sanèsipun punika, wonten satunggal kutha krajan (főváros): Budapest. Wonten 23 kabupatèn kutha (wangun tunggal: megyei jogú város) ing Honggari, inggih punika:

Katerangan liyané Kabupatèn kutha, Kabupatèn (Kutha krajan kabupatèn) ...
Remove ads

Uga delengen

  • Pratélan nagara
  • Komunikasi ing Honggari
  • Transportasi ing Honggari
  • Militer ing Honggari
  • Hubungan Luar Negeri Honggari

Pranala njaba


Remove ads
Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads