Hong Kong
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Hong Kong (Mandarin: 香港 ; Pinyin: Xiānggǎng; resminé Laladan Administratif Khusus Hong Kong)iku Laladan Administratif Astamiwa Républik Rakyat Cina. Ing Cina ana loro Laladan Administratif Astamiwa. Salah sijiné ya iku Makau. Hong Kong diwènèhaké marang RRC déning Britania Raya ing tanggal 1 Juli 1997. Hong Kong sing ndunungi 6,8 yuta jiwa.
Sadurungé diwènèhaké, Hong Kong isih jajahaning Britania Raya. Miturut kawicaksanan Siji Nagara Loro Sistem gawéané Deng Xiaoping, Hong Kong dadi laladan otonomi saka papréntahan RRC ing babagan hukum, valuta, béya cuké, imigrasi, aturan dalan kang tetep lumaku ing jalur kiwa. Urusan kang dadi wewenang Beijing iku pertahanan nasional lan diplomasi. Otonomi iki dilakokaké ing Hong Kong suwéné 50 taun diitung saka taun 1997.
Hong Kong iku cacahé ana 3 pérangan:
- Hong Kong Island
- Kowloon
- New Territories
Ambané laladan Hong Kong kurang luwih 1.104 km2 kanthi padunung pitung yuta wong, dadi Hong Kong kalebu laladan kang padhet ing donya.[1] Warga Hong Kong iku 95 persèn saka ètnis Cina lan 5 persèn wargané saka ètnis liya.[2] Etnis Cina kang urip ing Hong Kong akèh saka kutha Guangzhou lan Taishan provinsi Guangdong.[3]
Hong Kong dadi koloni karajan Inggris sabubaré Perang Candhu I (1839-1842). Wiwitané mung pulo Hong Kong, banjur diambaké tekan Ujung Kowloon nalika taun 1860, lan ing taun 1898 tekan New Territories.
Remove ads
Papan wisata

Ing ngisor iki papan panggonan kang bisa digunakaké dadi papan wisata ing Hong Kong.
Kowloon
- Tsim Sha Tsui
- Avenue of Stars
- Star Ferry
Hong Kong
- Victoria Peak
- Victoria Harbour
- Pertunjukan Symphony of Lights
- Aberdeen
- Ocean Park
- Menara Bank of China
- Hong Kong Convention and Exhibition Centre
Lantau
- Po Lin Monastery
- Tian Tan Buda
- Tai O
- Hong Kong Disneyland Resort
- Hong Kong Disneyland
- Kreteg Tsing Ma
- Kreteg Ting Kau
Remove ads
Rujukan
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads

