Bursa Èfèk Indonésia
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Bursa Èfèk Indonésia (dicekak BEI, utawa Indonésia Stock Exchange (IDX)) iku bursa asil panggabungan saka Bursa Èfèk Jakarta (BEJ) karo Bursa Èfèk Surabaya (BES). Dimèn kagayuh kawigatening lampah lan adol-tuku saham, [1] pamaréntah mutusaké nggabung Bursa Èfèk Jakarta minangka pasar saham karo Bursa Èfèk Surabaya minangka pasar obligasi lan derivatif.[2] Bursa asil panggabungan iki miwiti operasi tanggal 1 Dhésèmber 2007.[3][4]
BEI migunakaké sistem padagangan Jakarta Automated Trading System (JATS) wiwit 22 Mèi 1995, nggantèkaké sistem manual sing dianggo sadurungé.[5] Sistem JATS iki direncanakaké bakal diganti nganggo sistem anyar yaiku OMX.
Pusat Bursa Èfèk Indonésia dumunung ing Kawasan Niaga Sudirman, Jl. Jend. Sudirman 52-53, Semanggi, Jakarta Kidul
Remove ads
Indèks saham
Kanggo mènèhi pratélan sing luwih pepak ngenani pakembangan bursa marang kawula umum, BEI nyebaraké data owahan rega saham lumantar médhia cithak lan èlèktronik. Satunggaling pratandha owahan rega saham mau yaiku indèks rega saham. Samangké, BEI duwé warna indèks saham cacahé pitu. [6]
- IHSG, migunakaké kabèh saham kacathet minangka péranganing pamétungan Indeks.
- Indèks Sèktoral, migunakaké kabèh saham sing lumebu sajeroning saben sèktor.
- Indèks LQ45, migunakaké 45 saham kapilih sawisé ngliwati sawatara tahapan selèksi.
- Indèks Individual, minangka Indeks kanggo saben saham didhasaraké rega dhasar.
- Jakarta Islamic Index, minangka Indèks padagangan saham syariah.
- Indèks Papan Utama lan Papan Pangembangan, indèks sing didhasaraké marang kelompok saham sing kacathet ing BEI yaiku golongan Papan Utama lan Papan Pangembangan.
- Indèks Kompas100, migunakaké 100 saham pilihan koran Kompas.
Remove ads
Cathetan sikil
Uga delengen
Pranala njaba
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads