Indhiya Nèderlan

koloni Walanda, saiki ingaran Indonésia From Wikipedia, the free encyclopedia

Indhiya Nèderlan
Remove ads

Tembung Indhiya Nèderlan iku digawé kanggo mbédakaké saka Indhiya Inggris. 'Indhiya Nèderlan' tegesé pérangan Indhiya kang kalebu wewengkon jajahané Nèderlan utawa Walanda. 'Indhiya Inggris' iku pérangan Indhiya kang kalebu jajahan Inggris. 'Indhiya Nèderlan' biyèn kira-kira watese padha karo Républik Indonésia saiki, yèn 'Indhiya Inggris' ora liya nagara India saiki.

Sunyata Rikat
Thumb
Peta wewengkon Karajan Kolonial Walanda kalebu laladan jajahane.
Thumb
Péta jajahan Indhiya Nèderlan

Indhiya Nèderlan (Walanda: Nederlands(ch)-Indië, Indonésia: Hindia-Belanda) minangka siji wewengkon koloni Walanda kang diaku kanthi de jure lan de facto. Kepala nagara Indhiya Nèderlan yaiku Ratu utawa Raja Walanda karo siji Gubernur-Jendral minangka perwakilané kang duwé kuwasa. Adhedhasar Perjanjian Inggris-Walanda 1824, Walanda wis nyerahake Melaka Walanda marang Inggris, sing sadurunge dadi gubernur ing Hindia Walanda. Iki wis nggabungake pemerintahan modern menyang negara Melaka ing Malaysia.

Indhiya Nèderlan uga minangka wewengkon kang tinulis ing Undang-undang Karajan Walanda taun 1814 minangka wewengkon berdaulat Karajan Walanda, diamandemén taun 1848, 1872, lan 1922 miturut perkembangan wewengkon Indhiya Nèderlan.

Indhiya Nèderlan biyene minangka jajahan Walanda, saiki sinebut Indonésia. Jajahan Walanda kawiwitan saka properti Vereenigde Oostindische Compagnie (utawa VOC) kang duwé Jawa lan Maluku lan sapérangan laladan liyané wiwit abad kaping 17. Sawisé VOC dibubaraké taun 1798, kabèh properti VOC dadi duwéke pamaréntah Républik Batavia.

Ing abad kaping 19 mung pulo Jawa kang sekabehane diduwèni Walanda. Ing taun candhaké laladan liya Nusantara ditaklukake utawa “dipasifikasikake” (didamaiake). Indhiya Nèderlan yaiku koloni Éropah kang paling diregani kang kalebu ing kekuasaane Imperium Walanda.[2] Pangwasanan koloni iki nyumbang marang sangsaya kuwate prabawa ékonomi global Walanda, mligi ing dagang rempah lan komoditas pakebonan liyané, ing abad kaping 19 nganti wiwitan abad kaping 20. Pucaké ing taun 1942, Hindhia Walandayaiku sekabehing laladan Indonésia saikine. Saliyané iku, kutha Melaka, Taiwan, Sri Lanka tau diduwèni VOC lan pamaréntah Walanda.

Katerangan liyané Tingkat, Padunung ...
Remove ads

Deleng uga

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads