Irlan Lor

From Wikipedia, the free encyclopedia

Irlan Lor
Remove ads

Irlan Lor (basa Inggris Northern Ireland) minangka sawijiné praja Britania Raya lan dumunung ing sisih wétan-lor pulo Irlandia. Jembar wewengkoné ya iku 14.139 km² lan kang ndunungi cacah 1.685.267 jiwa (April 2001). Irlandia Lor ndarbèni kutha krajan Belfast. Irlandia Lor wewatesan karo Républik Irlandia. Sajeroning basa Inggris laladan iki karan Northern Ireland utawa Ulster. Nanging jeneng iki rada jumbuh sebab sabeneré Ulster iku jenengé tilas provinsi Irlandia kang wewengkoné luwih amba. Ulster pérangan kidul isih dadi wewengkon Irlandia. Jeneng iki mung dianggo déning kaum Unionis.

Katerangan liyané Madeg, Valuta ...
Remove ads

Sawetara fakta

Nalika Irlandia (Kidul) mardika saka Britania Raya taun 1920, kang ndunungi Irlandia Lor kang sapérangan gedhé nganut agama Protèstan lan isih setya marang Karajan Britania Raya milih tetep dadi pérangan nagara kesatuan Britania Raya. Wong-wong mau diarani kaum Unionis, déné wong saka Irlandia Kidul diarani kaum Nasionalis. Nanging permasalahan ora mandheg tekan semana, sebab wong-wong kang nganut agama Katulik ing Irlandia Lor ngrasa didiskriminasi. Karusuhan kang dijenengaké The Troubles miwiti ing taun 1969.

Remove ads

Pratélan kutha

Uga delengen

  • Pratélan nagara
  • Pratélan nagara miturut bawana

Pranala njaba


Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads