Itrium

From Wikipedia, the free encyclopedia

Itrium
Remove ads

Yttrium yakuwi sawijining unsur kimia jroning tabel périodik kang nduwèni lambang Y lan nomer atom 39. Anasir iki minangka logam transisi métal kimia sing padha karo lantanum lan asring diklasifikasikaké minangka unsur langka ing bumi.[1] Ytrium akèh-akèhé ditemokake kanthi campuran karo anasir lantanum ing mineral-mineral langka, lan ora ditemokake ing alam minangka unsur ijèn. 39Y siji-sijiné g isotop sing stabil, lan isotop sing ditemokake ing kulit bumi. Ing taun 1787, Carl Axel Arrhenius nemokaké mineral anyar cedhak Ytterby ing Swédia lan dijenengi ytterbite.[2] Sawisé iku Johan Gadolin nemokaké oksida ytrium ing sampel Arrhenius taun 1789, lan Anders Gustaf Ekeberg nemokaké ytria oksida anyar. Anasir ytrium pisanan diisolasi taun 1828 dening Friedrich Wöhler.[3] Pigunan paling penting saka ytrium yaiku kanggo LED lan campuran piksel, utamané piksel abang ing layar tv tabung sinar katoda (CRT). Ytrium uga digunakake ing produksi èlèktroda, èlèktrolit, saringan èlèktronik, laser, superkonduktor, macem-macem aplikasi medis, lan tambahan kanggo macem-macem bahan kanggo nambah sipaté. Ytrium ora nduwèni pigunan biologis sing dikenal. Paparan anasir ytrium bisa nyebabaké penyakit paru ing manungsa.

Katerangan liyané Katrangan Umum Unsur, Ciri-ciri fisik ...
Remove ads

Rujukan

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads