Jacques Henrij Abendanon

From Wikipedia, the free encyclopedia

Jacques Henrij Abendanon
Remove ads

Jacques Henrij Abendanon, (Paramaribo, Suriname, 14 Oktober 1852-Monaco, 13 Dhésèmber 1925), punika satunggiling pejabat kolonial Walandi, putra saking bapa Simon Abendanon, (bankir), lan ibu Julia Abendanon. Tanggal 22 Dhésèmber taun 1876 krama kaliyan Anna Elisabeth de Lange, lan patutan tiga. Amargi garwanipun séda ing tanggal 8 Januari 1882, JH Abendanon ing taun 1883 krama malih kaliyan Rosa Manuela Mandri. Abendanon wekdal punika mengku kalungguhan minangka Mantri Kabudayan, Agama, lan Karajinan Hindhia Walandi. Abendanon lan garwanipun Rosa asring nampi serat saking R.A. Kartini. Salajengipun, sasampunipun Kartini séda, Abendanon ngempalaken lan ndamel buku saking kempalan serat-serat ingkang naté dipunkintunaken déning R.A Kartini dhumateng para réncangipun ing Éropah. Buku punika lajeng dipunparingi irah-irahan Door Duisternis tot Licht

Thumb
JH Abendanon
Remove ads

Ugi pirsani

Pranala njawi


Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads