Lurung Gaza

From Wikipedia, the free encyclopedia

Lurung Gaza
Remove ads

Lurung Gaza (Inggris: Gaza Strip Arab: قطاع غزة transliteration: Qitˁɑ' Ġazzah/Qita' Ghazzah, Ivri: רצועת עזה

Retzu'at 'Azza) dikenal uga kanthi jeneng (Indonesia: Jalur Gaza), iku tlatah lurung ing sadawaning pasisir Sagara Mediteran, dadi tapel wates antara Mesir ing kidul-kulon lan Israèl ing sisih lor-wétan. Dawané tlatah iki watara 41 km, lan watara 6 lan 12 km ambané, kanthi amba total 360 km,2.
Sunyata Rikat قطاع غزة רְצוּעַת עֵזָה, Brehakutha ...
Thumb
The Via Maris (ungu), King's Highway (abang), lan jalur dhagang Levantine kuna liyané, c. 1300 BCE

Jeneng tlatah iki njupuk saka jeneng Gaza, yaiku kutha mligi. Sing ndunungi watara 1.4 yuta, kabèh wong Palestina. Tlatah lurung iki lan kang ndunungi kanthi nominal dibawahi Otoritas Nasional Palestina (ONP), senajansawisé pertempuran Gaza Juni 2007, kendhali sakbeneré ana ing tangan papréntahan de facto kang didominasi déning Hamas. Israèl ngontrol wewengkon udara lan aksès maritim lepas pasisir. Lurung Gaza wektu iki ora diakoni kanthi internasional minangka péranganing sawenèh nagara kang ndarbèni kadhaulatan dhéwé.

Remove ads

Sajarah

Sajarah kuna

Thumb
Israèl lan tlatah Mediteran kidul-wétan

Cathetan sajarah kutha Gaza kang pisanan kasebutake ing Pharaoh Thutmose III (dinasti angka 18; abad angka 15 BCE), sanajan kanyatane mesthi tlatah mau wis ana luwih lawas saka apa kang tinulis kanthi resmi. Gaza uga wis kapacak ing Tell el-Amarna tablets, sawijining cathetan diplomatik lan administratif Mesir kuna. Amarga panggonané kang strategis ing Via Maris (delengen peta), dalan pasisir kuna kang ngubungakéMesir karo Palestina lan tlatah samburiné, Gaza wiwit biyèn ora tau tentrem. Tlatah Gaza, miturut sajarah minangka pusat dhagang kang sugih, dumunung ing jalur sagara. Tlatah iki dikuwasani Mesir punjul 300 taun nalika bangsa Filistin nguwasani lan manggon ing kutha mau lan tlatah saubengé. Gaza dadi pusat dhagang Filistin lan péranganing Pentapolis (liga lima kutha). Kitab Injil mratélakaké bab Gaza minangka panggonan Samson didadèkaké batur tukon déning Delilah lan mati nalika ngrubuhaké kuil Dagon.[1]


Remove ads

Géografi

Lurung Gaza dumunung ing tlatah Timur Tengah (at 31°25′N 34°20′E). Nduwèni wates dawané Cithakan:Km to mi karo Israèl, lan 11 km karo Mesir, cedhak kutha Rafah. Khan Yunis dumunung Cithakan:Km to mi lor-wétan Rafah, lan sawatara kutha cilik kang dumunung ing sadawaning pasisir antara Deir el-Balah lan Kutha Gaza. Déné kutha Beit Lahia lan Beit Hanoun dumunung ana ing sisih lor lan lor-wétan kutha Gaza.



Remove ads

Deleng uga

Réferènsi

Pranala njaba

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads