Janaméjaya
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Wonten salebeting wiracarita Mahabharata, Janamejaya (Sansekerta: जनमेजय; Janaméjaya) inggih punika raja saking Karajan Kuru, ingkang pusat pamarintahanipun kanthi nama Hastinapura[1]. Panjenenganipun putra saking Maharaja Parikesit, ugi buyut Arjuna[1]. Saduluripun Janamejaya wonten tiga, kados ta Srutasena, Bimasena kaliyan Ugrasena[2]. Janamejaya punika gadhah kalih putra, inggih punika Shataaneek dan Shankukarn[2].



Panjenengapun dipundadosaken raja wiwit taksih ném, amargi ramanipun séda dipuncakot Naga Taksaka[1]. Nalika Janamejaya mangertosi manawi ramanipun séda déning naga Taksaka, lajeng panjenenganipun Yagya ingkang dipunwastani Sarp Yagya (Snake Yagya)[2]. Wonten ing Yagya punika, Janamejaya mutusaken badhé ngorbanaken sadaya naga, ugi kaliyan Taksaka. Salajengipun Yagya-nipun dipunwiwiti, Aahuti dipunaturaken kanggé dhawuhi naga, alit-ageng, sepuh-ném, jaler-èstri, para naga lajeng dhawah wonten salebeting geni[2].
Remove ads
Rujukan
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads