Jerman

nagara ing Eropa Tengah From Wikipedia, the free encyclopedia

Jerman
Remove ads

Jerman, Jérman, utawi Dhitslan[1] (basa Jerman: Deutschland) iku nagara gedhé ing Éropa. Kutha krajané Berlin. Sing ndunungi ana kurang luwih 82.521.653 jiwa. Nagara iki minangka nagara kanthi posisi ékonomi lan pulitik kang wigati ing Éropa lan kanthi winates ing tataran donya. Jerman dikenal ing babagan panguwasan tèknologi maju, mligi sajeroning indhustri tetunggangan montor lan piranti presisi.

Bundesrepublik Deutschland
ThumbThumb
(Bendera Jerman)
Nasional Hymne: Einigkeit und Recht und Freiheit
(basa Jawa: Persatuwan lan Keadilan lan Kebebasan)
Thumb
Basa resmiBasa Jerman
Kutha krajanBerlin
Kutha gedhé dhéwéBerlin
PrésidhènFrank-Walter Steinmeier (SPD)
KanselirFriedrich Merz (CDU)
Wakil KanselirLars Klingbeil (SPD)
Wewengkon
- Total
- % air
Urutan ke-61
357.386 km²
2,416%
Padunung
- Total (2024)
- Kepadatan penduduk
Urutan ke-19
84.746.132
237/km²
Pambentukan
Manunggal


Prajanjian Verdun (843)
18 Januari 1871
23 Mèi 1949
3 Oktober 1990
PDB
- Total (2003)
- PDB/kapita
Urutan ke-3
$2,271 trilyun
$27.600
ValutaEuro (€)1
Zona wektu
- yèn mangsa panas
CET (UTC+1)
CEST (UTC+2)
Lagu kabangsanDas Lied der Deutschen (stanza katelu)
TLD.de
Kodhe télépon+49

1 Sebelum 2002: Deutsche Mark.

Remove ads

Wewengkon lan pamérangan administrasi

Thumb
Pamérangan administratif Républik Federal Jerman.

Nagara kanthi sajarah kang dawa iki wewatesan langsung karo sangang nagara. Ing sisih kulon wewatesan karo Walanda, Belgi, Luksemburg, lan Prancis. Ing sisih kidul wewatesan karo Switserlan lan Ostenrik. Ing sisih wétan wewatesan karo Cékia lan Polen. Ing sisih lor wewatesan karo Dhènemarken.

Thumb

Sacara administrasi, Jerman iku nagara fédherasi (Bund) kanthi 13 praja (Bundesland) lan telu kutha satingkat praja (Bundesstadt). Nagara-praja modhèren kang ana saiki (pirsani pratélan praja) diwangun wiwit pungkasan Perang Donya II. Sadurungé, pamérangan isih mèlu garis kadarbéan feodalistik, minangka paninggalan jaman Kesésaran Jerman.

Remove ads

Uga delengen

  • Pratélan praja Jerman

Pranala njaba

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads