Kamus Besar Bahasa Indonesia
bausastra basa Indhonésiya From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Kamus Besar Bahasa Indonesia iku bausastra ekabasa parijawat (Ind: resmi) basa Indhonésiyah sing disusun déning Tim Penyusun Kamus Pusat Basa lan dibabar déning Balai Pustaka. Bausastra iki dadi acuan paling dhuwur kanggo basa Indhonésitah sing baku. Nganti wektu iki, wiwit KBBI kababar pisanan ing taun 1988 wis ngalami révisi kaping telu. Wêton pungkasan ya iku wêton kapapat kanthi cithakan pisanan dibabar taun 2008.

Remove ads
Sajarah penerbitan
- Wêton pisanan: 1988
- Wêton pisanan wujud wiwitan pingembang saka Kamus Basa Indonésia sing kababar ing taun 1983. Bausastra iki nembé ngamot 62.100 lema.
- Wêton kapindho: 1991
- Wêton kapindho wujud bêbênak saka wêton pisanan lan ngamot 72 ribu lema.
- Wêton katelu: 2005
- Wêton katelu ngamot 78 ribu lema. Miturut Dr. Dendy Sugono, Uluning Pusat Basa, wêton katelu iki isih krasa akèh banget tetembungan sing durung umlebu.[1]
- Wêton kapapat: 2008
- Wêton kapapat ngamot punjul 90 èwu lema lan sublema.[2]
Remove ads
Rujukan
Pranala njaba
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads
