Kabupatèn Acèh Tamiang
kabupatèn ing Indonésia From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Kabupatèn Acèh Tamiang iku kabupatèn ing Provinsi Acèh, Indonésia.
Kabupatèn asil pamekaran saka Kabupatèn Acèh Wétan iki dumunung ing tapel wates Acèh-Sumatra Lor. Istilah "Tamiang" asal saka tembung Da Miang. Sajarah nuduhaké ngenani èksistensi wewengkon Tamiang kaya ing prasasti Sriwijaya, banjur ana riwayat saka Tiongkok karya Wee Pei Shih kang nyathet anané nagari Kan Pei Chiang (Tamiang), utawa Tumihang sajeroning Kitab Nagarakretagama. Laladan iki uga kaloka kanthi jeneng Bumi Muda Sedia, magepokan karo jeneng Raja Muda Sedia kang mréntah wewengkon iki sajeroning 6 taun (1330-1336). Raja iki olèh Cap Sikureung lan hak Tumpang Gantung saka Sultan Acèh tumrap wewengkon Karang lan Kejuruan Muda ing jaman semono.
Remove ads
Pamaréntahan
Kabupatèn Acèh Tamiang minangka pecahan saka Kabupatèn Acèh Wétan lan minangka siji-sijiné kawasan ing Acèh kang didominasi déning Etnis Malayu. Saliyané wong Malayu, uga ana wong Acèh, Gayo, Jawa, Karo lan sapanunggalané.
Bupati
Penjabat Bupati Ishak Djuned nggantèkaké Abdul Latief kang dilantik Gubernur Acèh Abdullah Puteh, tanggal 28 Agustus 2004. Bupati kang saiki yaiku Abdul Latief bebarengan karo wakilé Awaluddin minangka asil Pilkada mangsa bakti 2007-2012.
Kacamatan
|
|
|
|
Remove ads
Réferènsi
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads