Kabupatèn Bojanegara

kabupatèn ing Indonésia From Wikipedia, the free encyclopedia

Kabupatèn Bojanegara
Remove ads

[1][2]Kabupatèn Bojanegara, (cara Indonésia: Bojonegoro, Carakan: ꦑꦧꦸꦥꦠꦺꦤ꧀ꦨꦺꦴꦗꦤꦒꦫ, Pegon: كابوڤاتين بوجانگرا), iku kabupatèn ing Jawa Wétan, kutha Bojanegara iku kutha krajan kabupatèné, kutha-kutha liyané: Padangan, Kalitidu lan liya-liyané. Jembar wewengkon kabupatèn iki ± 2.384,02 km² utawa hèktar. Kabupatèn iki wewatesan karo Kabupatèn Tuban ing sisih lor, Kabupatèn Lamongan ing isih wétan, Kabupatèn Nganjuk, Kabupatèn Madiun, lan Kabupatèn Ngawi ing sisih kidul, sarta Kabupatèn Blora (Jawa Tengah) ing sisih kulon. Pérangan kulon Bojanegara (tapelwates karo Jawa Tengah) wujud péranganing Blok Cepu, salah siji sumber deposit lenga patra gedhé dhéwé ing Indonésia.

Sunyata Rikat Bojonegara كابوڤاتين بوجانگراꦑꦧꦸꦥꦠꦺꦤ꧀ꦨꦺꦴꦗꦤꦒꦫ, Nagara ...
Remove ads

Géografi

Bengawan Sala mili saka kidul, dadi wates alam karo Provinsi Jawa Tengah, sabanjuré ménggok mangétan, nyusuri wewengkon lor Kabupatèn Bojanegara. Pérangan lor minangka Laladan Ilèn Kali Bengawan Sala sing cukup subur kanthi tetanèn cara èkstènsif. Kawasan tetanèn lumrahé ditanduri pari ing mangsa rendheng, lan tembako ing mangsa katiga. Pérangan kidul wujud pagunungan kapur, péranganing rangkéan Pagunungan Kendheng. Pérangan kidul-kulon (wewatesan karo Jawa Tengah) wujud péranganing rangkéan Pagunungan Kapur Lor.

Kutha Bojanegara dumunung ing jalur dalan gedhé Surabaya-Cepu-Semarang. Kutha iki uga diliwati ril sepurjalur Surabaya-Semarang-Jakarta.

Remove ads

Papréntahan

Kabupatèn Bojanegara ketata sajeroning 27 kacamatan, kalurahan lan désa. Kacamatan-Kacamatan ing kabupatèn iki yaiku:

  1. Balen
  2. Baureno
  3. Bojanegara
  4. Bubulan
  5. Dander
  6. Gondang
  7. Kalitidu
  8. Kanor
  9. Kapas
  10. Kasiman
  11. Kedewan
  12. Kedungadem
  13. Kepohbaru
  14. Malo
  15. Margomulyo
  16. Ngambon
  17. Ngasem
  18. Ngraho
  19. Padangan
  20. Purwosari
  21. Sekar
  22. Sugihwaras
  23. Sukosewu
  24. Sumberejo
  25. Tambakrejo
  26. Temayang
  27. Trucuk

Pratélan Bupati

Katerangan liyané Taun, Jeneng ...
Remove ads

Deleng uga

Pranala njaba

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads