Kabupatèn Kutai Kartanegara
kabupatèn ing Kalimantan Wétan, Indonésia From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Kutai KartaNagara (bisa uga disingkat: Kukar) iku kabupatèn ing provinsi Kalimantan Wétan.
Kabupatèn Kutai KartaNagara jembaré 27.263,10 km² lan jembar wewengkon perairan kurang luwih 4.097 km² kang dipérang sajeroning 18 wewengkon kacamatan lan 226 désa/kalurahan, kanthi kang ndunungi cacahé 547.422 jiwa (2005).
Sacara géografis Kabupatèn Kutai KartaNagara dumunung antara 115°26'28" BT-117°36'43" BT lan 1°28'21" LU-1°08'06" LS kanthi wates-wates:
- Lor karo Kabupatèn Malinau
- Wétan karo Kabupatèn Kutai Wétan, Kutha Bontang lan Selat Makassar
- Kidul karo Kabupatèn Pasir
- Kulon karo Kabupatèn Kutai Kulon
Remove ads
Sajarah
Kabupatèn Kutai KartaNagara minangka panerusan saka Kabupatèn Kutai sadurungé dimekaraké ing taun 1999. Wewengkon Kabupatèn Kutai, kalebu Kutha Balikpapan, Kutha Bontang, lan Kutha Samarinda, sadurungé minangka wewengkon kakuwasan Kasultanan Kutai KartaNagara ing Martadipura.
Taun 1947, Kasultanan Kutai KartaNagara ing Martadipura kanthi status Laladan Swapraja Kutai lumebu Federasi Kalimantan Timur bebarengan karo 4 Kasultanan liyané kaya Bulungan, Sambaliung, Gunung Tabur lan Pasir.
Laladan Swapraja Kutai diowahi dadi Laladan Istimewa Kutai kang wujud laladan otonom/laladan istimewa satingkat kabupatèn miturut UU Darurat No. 3 Taun 1953.
Taun 1959, status Laladan Istimewa Kutai kang dipanggedhèni Sultan A.M. Parikesit dibusak. Lan dhedhasar UU No. 27 Taun 1959, laladan ini dipérang dadi 3 Daerah Tingkat II, yaiku:
- Kuthamadya Balikpapan kanthi kutha krajan Balikpapan
- Kuthamadya Samarinda dengan kutha krajan Samarinda
- Kabupatèn Kutai kanthi ibukuth Tenggarong
Pratélan Bupati Kutai KartaNagara (kalebu Bupati Kutai)
Kacamatan
Kabupatèn Kutai KartaNagara dumadi saka 18 kacamatan yaiku:
1. Anggana |
10. Muara Kaman |
Barkas:Letak kacamatan kutai kartaNagara.jpg |
Remove ads
Deleng uga
- Karajan Kutai
- Kesultanan Kutai KartaNagara ing Martadipura
Rujukan
Pranala njaba
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads