Kabupatèn Murung Raya

kabupatèn ing Kalimantan Tengah, Indonésia From Wikipedia, the free encyclopedia

Remove ads

Kabupatèn Murung Raya iku kabupatèn ing Provinsi Kalimantan Tengah, Indonésia. Kutha krajan kabupatèn iki dumunung ing Puruk Cahu.Kabupatèn iki pamekaran saka Kabupatèn Barito Lor ing taun 2002. Kabupatèn iki nduwè sesanti Tira Tangka Balang (saka Basa Dayak), sing artiné: yèn nyambut gawé aja saparo ati, kudu dirampungké nganti tekan tujuané.

Sunyata Rikat
Remove ads

Géografi

Kabupatèn Murung Raya dumunung ana ing sisih Lor-Wétan Provinsi Kalimantan Tengah. Kabupatèn iki duwé jembar wewengkon 23.700 km2, ing sajeroning koordinat 113°20'-115°55' Bujur wétan lan 0°53'48" Lintang kidul – 0°46'06" Lintang lor, dadi kabupatèn iki diparang karo garis katulistiwa

Wewengkon

Wates wewengkon Kabupatèn Murung Raya yaiku:

ing sisih lor karo:Provinsi Kalimantan Kulon lan Kalimantan Wétan
ing sisih kidul karo:Kabupatèn Barito Lor lan Kapuas
ing sisih kulon karo:Kabupatèn Gunung Mas lan Provinsi Kalimantan Kulon
ing sisih wétan karo:Kabupatèn Barito Lor lan Provinsi Kalimantan Wétan

Kacamatan

Kabupatèn iki nduwè 10 kacamatan, yaiku:

  1. Barito Tuhup Raya
  2. Laung Tuhup
  3. Murung
  4. Permata Intan
  5. Seribu Riam
  6. Sumber Barito
  7. Sungai Babuat
  8. Tanah Siang
  9. Tanah Siang Kidul
  10. Uut Murung
Remove ads

Suku bangsa

Suku asli saka 3 suku utama, yaiku:

  • Suku Dayak Bakumpai (Sungai Barito)
  • Suku Dayak Uut Danum (Barito Hulu)
  • Suku Dayak Siang (Kacamatan Tanah Siang lan Tanah Siang Kidul)

Suku liyané:

Potensi laladan

Kabupatèn iki dhisik ngasilké kayu kanggo nguripné perekonomian, nanging sak wisné kayu rada arang-arang kabupatèn iki ngandelké saka pertambangan, yaiku saka tambang emas lan tambang batu-bara.

Rujukan

Pranala njaba

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads