Kabupatèn Sukamara

kabupatèn ing Kalimantan Tengah, Indonésia From Wikipedia, the free encyclopedia

Kabupatèn Sukamara
Remove ads

Kabupatèn Sukamara iku kabupatèn ing Provinsi Kalimantan Tengah, Indonésia, pamekaran saka Kabupatèn Kotawaringin Kulon miturut UU Nomor 5 taun 2002. Kutha krajan kabupatèn iki dumunung ing Sukamara, adohé saka Kutha Palangka Raya kutha krajan Provinsi Kalimantan Tengah kurang luwih 605 km. Kabupatèn iki nduwè sesanti Gawi Barinjam, sing artiné: gotong royong kanggo tujuan mulia.

Sunyata Rikat
Thumb
Peta Kabupatèn Sukamara
Remove ads

Géografi

Kabupatèn Sukamara dumunung ana ing sisih Kidul-Kulon Provinsi Kalimantan Tengah. Kabupatèn iki duwé jembar wewengkon 3.827 km2, ing sajeroning koordinat 2°19’-3º7' Lintang kidul lan 110º25' — 111°9'25" Bujur wétan.

Wewengkon

Wates wewengkon Kabupatèn Sukamara yaiku:

ing sisih lor karo:Kabupatèn Lamandau
ing sisih kidul karo:Sagara Jawa
ing sisih kulon karo:Provinsi Kalimantan Kulon
ing sisih wétan karo:Kabupatèn Kotawaringin Kulon lan Lamandau

Kacamatan

Kabupatèn iki nduwè 5 kacamatan, yaiku:

  1. Balai Riam
  2. Jelai
  3. Pantai Lunci
  4. Permata Kecubung
  5. Sukamara
  • Kacamatan sing paling amba yaiku Kacamatan Sukamara, jembaré 1.028 km2.[1]
  • Kacamatan sing paling sempit yaiku Kacamatan Balai Riam, jembaré 539 km2.[1]
Remove ads

Padunung

Okèhé sing ndunungi miturut proyeksi kanggo taun 2007 yaiku 39.576 jiwa, sing ndunungi lanang okèhé 20.590 jiwa lan sing wedhok okèhé 18.986 jiwa.

  • Kacamatan sing paling okèh sing ndunungi yaiku Kacamatan Sukamara, okèhé 19.042 jiwa.
  • Kacamatan sing paling sithik sing ndunungi yaiku Kacamatan Pasisir Lunci, okèhé 5.158 jiwa.
  • Kacamatan sing paling padhet sing ndunungi yaiku Kacamatan Sukamara, padheté 18,5 jiwa/km2.
  • Kacamatan sing paling arang sing ndunungi yaiku Kacamatan Pasisir Lunci, padheté 6,4 jiwa/km2.
Remove ads

Refrensi

Pranala njaba

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads