Gurung

From Wikipedia, the free encyclopedia

Gurung
Remove ads

Gurung utawa Ésofagus (saka basa Yunani: οiσω, oeso - "nggawa", lan έφαγον, phagus - "mangan") iku bumbung (tube) otot vertebrata kang diliwati wektu panganan mili saka pérangan tutuk tumuju lambung. Panganan lumaku ngliwati gurung kanthi nggunakaké prosès pèristaltik.

Thumb
Bagan panggonan esofagus manungsa, disawang saka mburi

Gurung nyambung karo faring – kang nyambungaké gurung karo gronggongan tutuk – ing ros nomer 6 balung mburi. Miturut histologi, gurung dibagi dadi telung pérangan: pérangan superior (sapérangan gedhé iku otot balung), pérangan tengah (campuran otot balung lan otot alus), sarta pérangan infèrior (kang mligi saka otot alus).


Remove ads
Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads