Komèt

From Wikipedia, the free encyclopedia

Komèt
Remove ads

Komet/ Lintang Kemukus (simbol: ☄) punika benda akasa ingkang mèmper asteroid, nanging mèh sadaya kadhapur saking gas (karbon dioksida, metana, hawa) lan lebu ingkang beku. Komèt ndarbèni orbit utawi lintasan ingkang bentukipun elips, langkung lonjong lan dawa tinimbang orbit planit. Lintang Kemukus ingkang padhang mesthinipun narik kawigatosan tiyang kathah.

     
Thumb
Komet Hale-Bopp
Remove ads

Ciri fisik

Nalika lintang kemukus nyelaki pérangan-lebet Tata Surya, radiasi saking srengéngé njalari lapisan ès paling njawi nguap. Arus lebu lan gas ingkang kaasilaken mbentuk setunggaling atmosfer ingkang ageng nanging tipis sanget ing saubengipun komèt, kasebat coma. Akibat tekanan radiasi srengéngé lan angin srengéngé ing coma punika, kadhapur buntut raksasa ingkang nebihi srengéngé.

Coma lan buntut lintang kemukus mbalikaken cahya srengéngé lan saged kapirsani saking bumi manawi lintang kemukus punika cekap celak. Buntutipun bènten-bènten wujud lan ukuranipun. Sansaya celak lintang kemukus kasebat kaliyan srengéngé, sansaya dawa buntutipun. Wonten ugi lintang kemukus ingkang boten ndarbéni buntut.

Remove ads

Ciri orbit

Thumb
Komet ndarbéni orbit wujud elips. Pun wigatosaken, komèt punika ndarbéni kalih buntut

Lintang kemukus makaping-kaping ngubengi srengéngé, nanging peredaranipun mbetahaken wekdal ingkang lami. Lintang kemukus dipunbéntenaken miturut rentangan wekdal orbitipun. Rentangan wekdal cendhak punika kirang saking 200 taun lan rentangan wekdal ingkang rowa punika langkung saking 200 taun. Lumrahé, wujud orbit lintang kemukus punika elips.

Remove ads

Komèt misuwur

Wonten sapérangan komèt ingkang misuwur, umpaminipun:

  • Komèt Halley, muncul 76 taun sepindhah.
  • Komèt West
  • Komèt Encke, muncul tigang taun sepindhah
  • Komèt Hyakutake
  • Komèt Hale-Bopp
Wikipedia
Wikipedia
Artikel punika, artikel dhasar ingkang kedah dipundarbèni sadaya basa.


Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads